Ngangseg Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Ngangseg

 Geguritan dening Madagumilang

tletik udan mau bengi wani menehi wisik

kang ndelik bisik-bisik selaning pasuketan pating krelip kaya lintang

nanging nalika sorot srengenge cemlorot madhangi ubale nepsu

tumekane bakal ngruntuhake embun kang sumimpen jero

senadyan rasa adhem iki isih agemanmu kang tak anti-anti

tumekaning sreg anggone ngangseg

ngrangkul ngruket ora-ora yen aku mingket

Ponorogo, Januari 2012

Nggugah geguritan anggitanipun Madagumilang

Nggugah

geguritan anggitanipun Madagumilang

wonten ing salebeting swasana bubrah

kerana kathah tumindak cengkah

ingkang katindakaken para panguwaos ingkang mboten amanah,

kedahipun inggih enggal saged owah

garising nasib rakyat ingkang sampun rumaos mboten betah,

mboten sranta anggenipun kepengin nemahi gesang limrah,

inggih gesang ingkang para panguwaosipun sami gumregah

nyengkuyung pikajengipun rakyat ingkang atansah mothah nyekapi betah

Ponorogo, Januari 2012

Kaya Tanpa Gagrak, geguritan dening Madagumilang

Kaya Tanpa Gagrak

Anggitanipun Madagumilang

pancene rada dumakan, mrucut uwal saka gubele pedhut

kang mblasah sagotrah nalika kabeh ancas lan upadine kaya tanpa gagrak

wis cukup diparingi udan sewengi lan trontong-trontonge

banjur njebul ajeg tan mateni sakehing krenteg  nggone nyuwun pepadhang

Ponorogo, 23 Desember 2011

GEGURITAN I

Nyedhot Tumetese Tatu

Anggitanipun: Madagumilang

Pangumbaranku kandheg sajeroning suwung
Kepidak rupeg ambegan sumpeg
Keslempit kecepit unjalku mampet

Ngadoh saka gelagepanku
Nyedhot tumetese tatu

Kangen iki
kangenmu?

Wis wuta marang sadhengah  enggok
Kenceng gondhelan abot mbopong kekisruh
Ing sapecak nglangut nggayuh kempute prapatan ati
Dalane kepengin pinter enggal lumayu
Tolah-toleh ora tinemu

Eling-eling iki watese pangertenku
Dak ranggeh pucuk mentelung ing pengarep-arep
Dlumukan nggrayahi pepeteng

Apa aku kudu owah dadi srengenge dhisik
Yen kepengin bisa nothok lawangmu?

Nalika kabeh kekuncen rapet
Mung kari mereme mripat
Ketemuku
Tumeka ing anglere turu

Kangen iki
kangenmu?

Ponorogo, 10 Februari 2009

GEGURITAN II

Suket Alang-Alang Ing Dhompolan Mawar Simbokku

 

 

Anggitanipun : Madagumilang

 

Mbranang getihku kekembeng ing aorta

Nerak landhepe godhong alang-alang

Nggaris jero sesambate raiku

Kaya ngrasaake ngesot urut lingire tugelan beling

Nunjem eronge aib

 

Senajan adheme grimis sewengi natas

Ora dikemuli ora dipayungi

Mokal tangi ing subuh kanthi mbangkong

Kedhisikan srengenge cemlorot kaya pitutur

Sakecap rongkecap kelakon ngebaki ati

 

Katresnan kang wis netesi pipi, mBok

Maware mekrok ora kesusu

Rada clingus ndlesep-ndlesep alang-alang

Ing dhompolan mawar

 

 

Ponorogo, 13 Februari 2009

GEGURITAN III

Ponorogo-Ji

 Anggitanipun : Madagumilang

Dak sawang saka susun dhuwur dhewe ing kantor kabupaten

Dhik, lintang-lintang kae cacahen

Kaya-kaya bisa ditandur ing selaning sesuketan

Mengko nalika udan tumekane subuh wis adzan

 

Dak sawang saka susun dhuwur dhewe ing kantor kabupaten

Dhik, sawangen pedhut kang lagi ngaras njekute embun

Nelesi pipi alus kang mung sarwa pasrah dielus

Ora kenyana ora kinira

Sliramu saiki wis mbatang cangkrimanku wingi

Karo ngojahake lelucon nakal sangisore reco macan

Dhik, aja lali bola-bali

Ponorogo iku bener jenengku

Senajan reyog nggonmu nimbali

Swaramu njiwiti ati kedher nedhas tumekaning jiwaku

 

Ponorogo 5 September 2005

 

 

 

 

GEGURITAN IV

Ponorogo-Ro

Anggitanipun : Madagumilang


Protelon Ngepos saiki isih dikancani
Kene sate kono sate, ngendi-endi sate, wiwit biyen
Nyebari esem sumeh masiyo gosong dibakar
Keluk mubal diambu weteng luwe ngelegi idu
Didhahar duwite sapa wae sing mlebu kutha
Karo nyuwara anyel kena slilit untu ndhuwur
Sujene mbok agar-agarake tumuju langit

Kowe ki sapa? Ponorogo, angger sate ing cakotanku
Gurihe krasa kepengin nyesep dhuwite TKW mulih saka Hongkong
Nggegem dhompete rapet dhipet
Lungit nanging isih ora ngalahake pemimpin
Ponorogo, kang tega ngelipake dhuwite rakyat
Tan konangan nggone ndhelik apa ngungsi

Ponorogo, angger ngelakku diilangi dhawet
Omben iki nggawe dzikirku
Ora nglereni ngucap amin

Pandongamu
Ya mung kuwi?

Ponorogo, 6 September 2005

GEGURITAN V, Anggitanipun Madagumilang

Ponorogo-Lu

Anggitanipun: Madagumilang


Dak goleki, Ponorogo sajerone kopyah
Ireng kaya kenthel wedang kopi ngesoki cangkir-cangkir angkringan
Dirubung sing lagi lesehan ngebaki trotoar lan emper-emper toko
Karo sok-sok mbengok bareng nalika nemu mbulan kesendhok letheke wedang
Disruput bareng cemlorote lintang alihan kang meruhi tumindak bener
Dirembug ing sarasehan cekak memungsuhan klawan rasa bosen
Marang pakaryan sedina ceput nganti kaya-kaya ora kepincut sadengah leren

Iki wis ketemu, tibane Ponorogo mili sajerone getih ngentirake gerenge macan
Ing otot-otot kang nyengkerem jantunge bumi reyog
Ora kudu nglari sing ngilang wingi
Iki bleduge isih nemplek rambut, saka obongan gamping Sampung
Lan kumebul kena gosonge nila bakar telaga Ngebel
Mbisiki swara alim ing Gontor ngajak milih sate sing sujene reroncen dedonga
Menyang alun-alun mbarengi pirang-pirang truk isi uwong
Mung golek sesawangan lan nggegadhang nasib becik dina sesuk

Ponorogo, 19 Februari 2009

GEGURITAN VI

Pedhut

Anggitanipun: Madagumilang

Kangenku madhani mendhung peteng gawe wengine jagad atis jrone atiku njekut ngringkel tan kuwawa muni. Iki pengarep-arep kang kedher meruhi pitakonan kaya keconggah ngobahake sorot srengenge wayah tengange masiyo wurung ngobong dayaku kanthi lemes dhempes.

Yagene mbok clorotake olehmu ora waleh nggonmu ndhelik? Meh kaya limpadku klelep lan asor angger-angger kok ulati. Sesambate ngemu pangundang marang kang sarwa lelimengan bareng sumurup kaendahane  iber-iberan konang.

Nanging sliramu saestu ora bisa dak temu, nalika jenengku wis ora kok cathet maneh.  Apa aku kudu  betah bengok sora kesenggol embun lan melu ngilang mapag tekane awan?

Ponorogo, 21 Februari 2009

DAN KEGELAPAN PUN SEMAKIN AKRAB

kepingan kenangan itu pas jatuh miring di lembar catatanku kemarin

aku tak menduga ia meledak menjadi lukisan-lukisan kusut yang bekas gores kuasnya diseret-seret lamunan di sepanjang umurku mengharap

kuingin kau mengingatnya seperti menjilat manis perjumpaan di langit-langit rongga mulut kepedihan menelan semua teriakan: pisah

tapi rinduku tak menemu senja di tepian malamnya dan padamlah mentari

Ponorogo, 23 Februari 2009

NYALANG

Nyalang

Oleh: Madagumilang

Mengerang murung sampai terdengar tuntas menghembus napas, takkan pernah mengupah sebetapa dhoif dhuafaku. Meski pula baramu ngeri belum padam terbenam sedalam genangan kesiasiaan.

Asap. Kaumasih celahkan himpit menjelang abu lupakan apiku berkerutkerut cahayanya mengiris jidat, lalu belalak. Lalu lenyap. Lalu leleh. Kedipku.

Ponorogo, 26 Februari 2009

BAKTI SEBUAH HANYA

Bakti Sebuah Hanya

Oleh: Madagumilang

siapa?

ibu

ibu

ibu

baru bapaku

Ponorogo, 1 Maret 2009

NJOWO

Njowo

Anggitanipun: Madagumilang

Kenthirku kentir kenyut kitir kang kowaca kanthi gumilir. Hanacarakane ya hanacaraka, dudu alifbata, dudu abesede, dudu. Yagene nembe wayah ngene wis ora kersa nggape?

kala kula kelas kalih kula kilak kalo kalih kuli-kuli kula kalo kula keli kali kilen kula kalo kelip-kelip kula kelop-kelop

Yagene? Apalane suwung, pikirane gemblung, panggraitane sepa sepi sepah samun. Kuwanene gogrog gigrig mungkret mengkeret. Wis ra nJowo maneh Gatotkaca saliyane Superhero, wis ra nJowo maneh Wisanggeni saliyane Naruto. Iki lo dhadhaku wis ora kanggo. Iki lo bandhaku sing mesthi menang.

Ponorogo, 1 Maret 2009

Dalam Sepo Sepi Sepah Samun Menujuku

Oleh: Madagumilang

Ketika hasratku memberi nyali melihat bulan meraih langit tak lagi dituju penyair kini. Tapi seonggok sampah dikhidmati, memporakkan hati tega tersenyum menyalahkan keheningan menyapa gema. Di sini, di jiwa yang kehilangan kuap menanyakan bantal dan kasurnya. Buat membaringkan kegelisahan panjang menjelang dini hari.

Larilah kalau kau mampu menggelandang beban puluhan tahun di punggung melengkapi usiamu yang tak mungkin kau sia-siakan. Suara ini, suara isteriku, suara anak-anakku, berbisik dari dalam lubuk paling khusuk. Hati yang rela membatalkan cintaku menuju sepo, sepi, sepah, samun, dan memberikan kelokan teraman di simpangan aku termangu.

Maka lebih kuraih keyakinanku menjadi galah tersambung kencang di keluargaku pada denyar cahaya setiap memetik bintang di malam-malamnya. Ia tidak membutakan atau menyilaukan, ia melarangku lupakan segala. Dan atas mereka kutuntaskan ibadahku.

Ponorogo, 17 Januari 2008

Kesehinggaan Meski

Kesehinggaan Meski

Oleh: Madagumilang

Bertutur kepada daki yang melumur kenangan
Rinai kesadaran menghalangi pudarku merengkuh peluh
Tetes bersama kecapaian sehari
Sebutir-sebutir jatuh menari di kecipak genangan
Darah siapa? Yang ceburannya membenci luka
Lama
Ketika senyum itu digores dekat sekali dengan kenekatan ngakak
Menenggak dendam atas ingkar pada kesetiaan berada
Di sisiku

Ponorogo, 4 Maret 2009

Menggairah Naungku

Menggairah Naungku

Oleh : Madagumilang

Kelelahan terayun-ayun di ujung daun, aku terkoyak di kelopak, dihancur duri sekujur. Tapi tamanku gagal dipagar tafsir tentang dengung bebungaan memekarkan sejuk naungan. Ketika tiba-tiba menyengatkan bau bangkai, menuba wewangi kemesraan mabuk mencintai duniawi.

Selesai sudah jemari harapan merapikan bebat lukaku memiliki. Ketenangan meraih kenakalan menggaruki. Gelisahnya amat berulat. Cekatan membenamkan bulu-bulu tajam menyayat kerinduan. Menghama darah melepuhkan bisa perjumpaan. Lama terseret-seret. Gairah dan kegatalan hatiku menghadap kiblat.

Ponorogo, 11 Maret 2009

Kapang

Kapang

Anggitanipun: Madagumilang

Dak dulang jenang abang anakku lanang

Dak ombene wedang sak clegukan

Ben mari olehe tansah kapang

Marang prawan kang saiki ana sabrang

Golek pangan kanggo ngowahi nasibe wong kekurangan

”Simbok, aku wis kapok”

Ponorogo, 14 Maret 2009

Terpuruk Di Masa Tercerabut

TERPURUK DI MASA TERCERABUT

Oleh: Madagumilang

Pernah menjadi yang terpaling. Sebentar kemudian dipalingkan. Ketika melupakan sujud mengabai sembah. Aku terpuruk di masa tercerabut. Menghitamkan coretan di larik perjalanan memprosa kata yang hiba pada ketakutan hina. Pada kesederhanaan usia mencari jati diri. Siapa yang tegaknya begitu rajin di malam larut. Menghilang.

Lalu kepergian ini tak akan bermakna pulang. Memukimi seribu persembunyian dan mengatakan kerasan. Tapi Kauakhiri jua. Dengan perjumpaan sekonyong tanpa aba-aba menemani sepinya khusuk. Tetesnya doa satu-satu di pelupuk.

Ponorogo, 17 Maret 2009

Critaku Melu-Melu Milih Lan Maelu Malah Marahi Ngelu Dudu Laraning Ati Kang Diapusi

Critaku Melu-Melu Milih Lan Maelu Malah Marahi Ngelu Dudu Laraning Ati Kang Diapusi

 

Oleh : Madagumilang

Diapusi, kaya-kaya sadurunge kembul mau kabeh duwe niyat ngepung tumpeng. Tumpeng ora sebaene tumpeng panganan pepak lelawuh enak, nanging kang dadi rebutan malah papan kanggo lelungguhan. Lelungguhan kuwi ngelingake olehe miturut marang sing didhawuhake sesepuh, dene rasa melik bakal nggendhong lali. Lali yen sajeroning weteng luwe swara kemrucuk ngundang ati kang sabar ora wani nglanggar wewalere angin lesus lan panase srengenge. Srengenge yen nedheng kuwasa madhangi ndonya masiyo mendhung ngapokake sok sapaa sambat sumuk kemringet. Kemringet lan tumetese getih nelesi loyalitas marang panguwasane sepepadha menungsa. Menungsa kang nalika nemahi asat rejeki, misuh-misuh nrithil dilalekake sedulur, mung mengkono.

Mengkono kuwi nalika aku krungu kabeh padha satru ana ing pemilu ora maelu critaku.

Ponorogo, 20 Maret 2009

Setegur Sapaan Handaiku Di Pemilu

Setegur Sapaan Handaiku Di Pemilu

Oleh :Madagumilang

Aku inginnya berkali-kali menegurmu mengingatkan naifnya perjumpaan dalam keriuhan sombong sebuah kampanye memilih tuan bagi kerajaan demokrasi impian. Mereka saling mendahului menebar kekaguman mempercayai kebohongan mampu menyihir harapanmu yang teramat awam tapi dilangitkan dengan janji-janji.

Janji-janji itu entah kapan akan membumi ketika terlihat tangan-tangan tak amanah menanamkan kebodohan masa lalu yang akar-akarnya menjerat langkahmu. Langkah yang ingin berubah menjadi loncatan ke kerlip gemintang selagi memancar dari ubun-ubun bapa angkasamu dan menghunjam di ibu bumimu itu berbinar-binar menerima bukti prestasi demi prestasi.

Ponorogo, 21 Maret 2009

Ketika Kausebut Deraku Di Sabit Rembulan

Ketika Kausebut Deraku Di Sabit Rembulan

Oleh: Madagumilang


Ketika pagi itu digelapi kabut dan kau dingin menggelayut, apakah hangatmu menjadi milikku selalu? Pada bisikan yang meresah langkah demi selangkah cahaya fajar membuntuti nasib tak menentu, masih kaukah itu yang berlalu meski sekilas memberi cerah gundahku? Mengiringi riang mentari mencakar-cakar daunan ranggas menjemput  keringnya kemarau mendekatkan hasratku terpikat, apakah dengan parasmu melulu?

Tidakkah kautengok elokmu? Selagi berkaca kepada masa, memantul seketika segores lukaku dilecut pedih kehidupan gagal mengisi sekeping piring dengan serantang nasi sayur daun ketela demi berdua. Lalu tetes airmataku mendengar niat puasamu. Dan kausebut deraku di sabit rembulan. Langitnya berbiru aorta menggembungkan darah kepasrahan menahan nyerinya ikhlas. Untuk selalu setia di sisiku.

Ponorogo, 26 Maret 2009

Sang Garang Pun Tegak

Sang Garang Pun Tegak

Oleh : Madagumilang

Tegak berdirimu di titik mana pun ditunjuki murid-murid itu, ketika menghentikan putaran globenya di hadapan guru. Guru pun menandai koordinatmu dengan setumpuk penadon sembari menghunus sebilah pecut samandiman di atas sekeping prasasti. Prasasti yang sering lupa menuliskan namamu di udeng-udeng sejarah Ponorogo, ketika ia terlalu akrab dengan godheg, brewok, dan simbar dhadha para warokmu, Sang Garang yang menjaga dan serentak melihatmu bagai setiap makhluk berteriak reyog.

Reyog itulah yang mesti membimbingku agar mendengarmu lantang. Lantang dengan girangnya tembang berbibirkan gong ketika mengalirkan gaung penghisap rohku gelisah didentangi telapak kendangmu, tapi tak kudengar napas terengah meski lehermu berkeringat menggeleng-gelengkan kegarangan barong dan bulu-bulu meraknya meliuk-liuk dikipasi lengking seruling yang tak putus-putus ditiupkan. Ditiupkan lalu kausujudkan ke bumi segala seringai menakutkan itu bergulingan panik seakan gigit-menggigit umpan kecemasan. Kecemasan tak peduli negara siapa yang berani mengaku lagi memilikimu.

Memiliki keberanian itu terus mengalirkan Ponorogo dalam darah siapa pun kamu, meranumkan rona geraman barong sehingga dalam nadi seperti menerkami kelincahan meledek bujangganom sambil memperebutkan keelokan telak para jathil yang berloncatan di bumi reyogmu dan siap dilindungi Sang Garang.

Ponorogo, 18 Februari 2008


Kaukekangku

Kaukekangku

Oleh: Madagumilang

Setelah salah paham pada keinginanku, bukan kekecewaan menjadikanmu gelisah memutar kembali bertahap-tahap pertemuan terekam di keping-keping kenangan. Menayangkan degup jantungku gugup mengekang kerisauan nadi-nadiku meregang kencang. Mencoba menolak seluruh gejolak hasratku yang terkam-menerkam dengan dosa dan pahala, dengan surga dan neraka.

Lalu mengalirkah cinta itu di kedalaman amuk bah dari didih darah amarah kita?

Yang derasnya kausebut panas serakah membuka berjuta pori-pori kemutlakan doa. Melelehkan beban-beban berkah membasahi kulit ibadah ke seluruh tubuh. Tersengal napasnya memompa paru-paru harapan dan keikhlasan. Menghirup udara kehidupan kencang berlari mengejar desah kenyataan nisbi demi nisbi.

Ponorogo, 30 Maret 2009

Sarangan, Puisi Karya Madagumilang

Sarangan

Oleh : Madagumilang

 

kalau kauciumi lembah katakanlah : kabut pada bibirmu

bergigikan embun tajamnya dingin

yang menggigit musim-musim basah hingga meringis sibak daunan hutan

begitu kemerlap cahayanya

lalu bagaimana akan kukorek sisa santapmu angin gemunung

dengan belati pandang mataku ?

Pitakon Jujur Kaya Satemene Wewayangan, Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Pitakon Jujur Kaya Satemene Wewayangan

Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Wegah meruhi cinathet ala dening malaekat
Mara enggal mingkema
Ati kang tansah goreh misuh-misuh lirih
Senajan nyuwara jujur kaya satemene wewayangan
Kriyip-kriyip sulap kena landhepe cahya lantip
Aweh pepadhang marang sadhengah roh
Ngakoni bodho mangerteni sarwa ghaib

Nanging apa ing pepeteng kuwi
Kaendahan diparingake minangka pacoban
Tumrap kekarepanku mbebudi
Misahake bener lan luput?

Ponorogo, 16 April 2009

Nakodaning Ati, Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Nakodaning Ati

Anggitanipun Madagumilang

Semilir ing sajeroning gerimis iki
Isih kuwat mbisiki sesenggukanmu
Kaya-kaya kuwawa ngrata ombaking samodra garise nasib

Kamangka sliramu sing nggeret pengarep-ngarep kuwi tumekaning gisik
Nglangkahi wengi nyabrang rob tanpa wayah
Tanpa maelu sakehing gubrah

Yagene praumu durung kok lekasi
Anggone nglari nakodaning ati

Ponorogo, 28 April 2009

Kagem Guruku, Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Kagem Guruku

Anggitanipun Madagumilang

Aku kelingan panjenengan
Amarga dudu geni arane
Yen ubale ora ngobori lakuku
Miyak pepetenging kaweruh
Cubluk ngelakoni kang sarwa ora gathuk
Tumrap pitutur, nalika kudu digugu
Tumrap piwulang, nalika kudu ditiru

Wengi kuwi ketemuku
Ana satengahing sujud
Nanging, apa panjenengan
Ya tansah ngelingi aku
Amarga dudu geni arane
Yen ubale ora diparengake
Ngobori lakuku

Ponorogo, 30 April 2009

Nggoleki Adheme Ati, Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Nggoleki Adheme Ati

Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Yagene durung meneng kojah sing ngayawara kuwi
Ngaku seneng menawa menang
Ora gemang ngaku kalah
Nanging mengko nyatane
Kemudu-kudu olehe arep mblenjani sakehing janji
Lan kepenak mapanake awak
Durung-durung wis padha surak-surak
Tan kelingan
Nalika ngamuk marang para sanak sing didhapuk gawe maklumat

Sanalika kamiseseg jeroning dhadha
Klebon welege omong kaya obong-obong resek
Terus nggoleki ana ngendi dununge geni
Kang panase ora pati digape
Kejaba ngedohake ati
Aja nganti kebrongot nepsu
Mala lan bebendu

Ponorogo, 10 Mei 2009

Yen Bumi Wis Ora Pati Maelu, Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Yen Bumi Wis Ora Pati Maelu

Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Sok-sok aku melik satelit
Kepencut ungak-ungak langit

Ananging yagene bumi kerep dipeksa ngemohi ramalan
Jare ketiga malah banjir ing ngendi-endi
Jare rendheng kana-kana kok garing tandurane
Iki ngono ditonton rembulan
Nalika ngramasi wit-witan kanthi cahyane sing kalem
Cemlorot sewengi natas ora kathik ngantuk apa kadhemen
Kaya-kaya ngelingake goblogku olehe meksa melekan
Wedangan pinggir dalan sinambi ngojahake jaman
Sing playune keblandhang-blandhang tan ketututan
Lan durung mandheg kejaba dicandhet pati

Apa kudu mengkono kuwi
Lelakonku bisa ungak-ungak langit?

Ponorogo, 2009

Ing Segara Ngendi? Geguritanipun Madagumilang

Ing Segara Ngendi?

Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Upama ora kangelan lan tegel
Mesthi dak cidhuk kabeh iwakmu
Mengkono olehe srengen sedulur nelayan
Ing segara ngendi?

Kamangka sing lerab-lerab kae ombake nasib
Kampul-kampul ora weruh menyang ngendi tumuju
Wegah gawe bebungah nganti ilang kuwanene
Njaring lan mancing ngrumeksa gegadhangan
Ing segara ngendi?
Kerana pasir ing gisik iki bakal entek dikeruk
Diuntal watu karange mutah-mutah banyu limbah
Kaya-kaya kabeh ora keconggah sepata
Ora kuwat ngempet sejane ala

Ayake padha lali marang sing mbisiki wingi
Swarane dhewe nalika kleru nekani janji
Digawa angin kang pana marang kasengsarane laku
Ing segara ngendi?
Olehe ngestokake pituduh sarwa becik
Mung kandheg saderma sendika dhawuh

Ponorogo, Mei 2009

Di Kesendirian Puisi oleh Madagumilang

Di Kesendirian

Puisi Oleh Madagumilang

Sunyi menyekap dinding-dinding buram memajang kemuraman
Di beku kaca pigura sang rindu terjerumus dalam cemas
Begitu kejang raung ratapnya masih jua terngiang. Mengapa
Padahal telah dibangun kembali reruntuk duka isaknya
Melindungi kesetiaan menutup sisi aib paling terbuka
Menyilahkan lirih: hanya engkau, hanya bersamamu. Begitukah
Tidak. Ketika satu-satu rahasia itu justru kautemu
Mencoba menghapus noda kebohongan
Dan tega meninggalkan fotomu hitam di kesendirian

Ponorogo, Mei 2009

Setelah Keterpikatan Itu Jitu Menjeratku, Puisi Karya Madagumilang

Setelah Keterpikatan Itu Jitu Menjeratku

Puisi oleh Madagumilang

Lalu keterpikatan itu jitu menjeratku di ubun-ubun nadi dan jantungku roboh terjerembab mendekap kakimu. Bukan dengan niat sebuah sujud yang tulus. Bukan menunjukkan lemahnya penyerahan sebuah pengabdian apalagi kesetiaan. Tapi tidak juga laku sebuah kesombongan karena aku nyata-nyata telah kau kalahkan. Tapi tidak juga ini sebuah perhitungan kalah menang dari pertempuran karena aku nyata-nyata bukan musuhmu. Lalu siapa dirimu yang menjeratku dengan keterpikatan jitu?

Aku tahu, tiang-tiang pancang di bumi imanku menyirikkan tamakmu menguasai semua maumu. Mencoba merobohkanku yang senantiasa terpesona akan kebenaran firmanNya, dan tak tergoda walau dengan seribu gempa ajaran sebagai bukti kezaliman.

Ponorogo, Mei 2009

Setelah Keterpikatan Itu Jitu Menjeratku, Puisi Karya madagumilang

Setelah Keterpikatan Itu Jitu Menjeratku
Puisi oleh Madagumilang

Lalu keterpikatan itu jitu menjeratku di ubun-ubun nadi dan jantungku roboh terjerembab mendekap kakimu. Bukan dengan niat sebuah sujud yang tulus. Bukan menunjukkan lemahnya penyerahan sebuah pengabdian apalagi kesetiaan. Tapi tidak juga laku sebuah kesombongan karena aku nyata-nyata telah kau kalahkan. Tapi tidak juga ini sebuah perhitungan kalah menang dari pertempuran karena aku nyata-nyata bukan musuhmu. Lalu siapa dirimu yang menjeratku dengan keterpikatan jitu?

Aku tahu, tiang-tiang pancang di bumi imanku menyirikkan tamakmu menguasai semua maumu. Mencoba merobohkanku yang senantiasa terpesona akan kebenaran firmanNya, dan tak tergoda walau dengan seribu gempa ajaran sebagai bukti kezaliman.

Ponorogo, Mei 2009

Deklarasiku, Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Deklarasiku

Anggitanipun Madagumilang

Deklarasiku ing satengahing geguritan. Ora niyat ngluhurake apa maneh ngasorake liyan. Amarga wis marem meruhi esemmu manggon ana kene. Kaya-kaya kuwawa ngranggeh pengarep-arep tansah kemanthil-kanthil ing sadhengah donga. Sadhengah papan lan wektu. Tanpa ndadak nggoleki dhisik endi mengko sing bisa gawe trenyuh. Wong ngono kuwi saupama diapusana ya padha ora maelu. Sing butuh karo sing aweh.

Deklarasiku mung tembung rong kecap: iki berkah apa musibah? Nalika para pawongan padha kepencut gumebyare janji-janjine, lan saguh dadi imam. Kosik, kanthi pangerten sing kepriye aku kudu gelem makmum kerana nerak paugeran sing wis dak gegem kenceng?

Sarampunge pahargyan mengko, yen ora terus andum tangis, mula saiki enggal nyicila gemuyu. Ngilangi kemeng tangan kang kanggo salaman makaping-kaping dibarengi ngucap rasa syukur. Kenceng anggone nggegem gegayuhan diwiwiti saka deklarasiku iki.

Ponorogo, Mei 2009

Kampanyeku, Puisi oleh Madagumilang

Kampanyeku

Puisi oleh Madagumilang

Hari Pertama.
Kubiarkan kau menemukan janji itu berkemas merapikan rindu yang tak patuh lagi pada kenyataan. Agar perginya tak berbalik menghujat yang baru lewat, sekarang mereka bersiap-siap menjadi laknat atau manfaat. Karena merasa telah memberikan yang diminta, berlembar-lembar harapan membuatmu tersenyum ketika mengayunkan alat contreng. Tapi lupa tinta itu darah yang dialirkan dari sumber bervisi khayal. Maka torehnya menjadi percuma, dan menangislah sejarah.

Ponorogo, Juni 2009

Pidato Kampanyeku, Puisi Karya Madagumilang

Pidato Kampanyeku

Oleh: Madagumilang

Di rumputan inilah semua nyali terpanggang geramnya mentari mengeringkan punggung berkeringat memungut gegas peluang keberhasilan. Atau siraman hujan berbasahkan pelukan aneka keinginan. Berkerumun mendengar bla-bla-bla yang di panggung itu bertukar mudah dari bukti dengan janji. Tak pernah takut menyanggah kekalahan apapun. Dan menang, dan menang melulu yang ada di genggaman tinju. Berteriak mengobarkan api yang memberikan jejak. Hati yang terbakar ketika sekadar kelakar pun tak mampu menjamin impasnya seteru.

Apa cukup begini pidato kampanyeku, sehingga begitu mudah memisahkah berkah dan musibah? Akankah selepas pesta ini kita berbagi air mata? Atau dengan menyanyikan kabut kaudenyutkan kembali sejuknya hati, ya Illahi.

Ponorogo, Juni 2009

Hari Kesekian, Kampanyeku. Puisi karya Madagumilang

Hari Kesekian, Kampanyeku

Oleh: Madagumilang

Di kancah inilah kita gelembungkan gairah berbuncah-buncah. Tahu ke depan nanti akan bisa terbuang kesempatan semua gapaian. Tapi asyiknya rindu telah membelenggu kita ketat melupakan wilayah kegamangan. Tempat pahit manis kehidupan itu berkali-kali berani mengajari. Maka dekaplah hari ini, katanya, walau hanya seteguk minum di padang kehausan. Sebab, kita juga bagian hari kemarin dan menjelang menjadi bagian masa depan.

Tapi, rintihan pedih siapa lagi masih siap kaudengar? Lihatlah dari ketinggianmu, bukan cuma sekedar ingin dipeduli, rakyat juga ingin dimengerti.

Ponorogo, Juni 2009

Tentang. Puisi karya Madagumilang

Tentang

Oleh: Madagumilang

Rindu pun akhirnya berdenyut tak sesaat. Sepanjang nadi mengalir kencang suara calon  pemimpin melawan gejolak marah kepedihan dicerca. Mencoba mengikis kesalahan terbangun dari mati suri dilahap cuma obrolan sekata demi sekata. Berbeban liku-liku janji yang siap dijilat kembali ketika luluh di sekujur pertentangan tutur.

Meski membalas dengan teriak tidak, tapi sekerumun pengikut sibuk bertepuk bersama cahaya lampu. Sorotnya membutakan pandang atas gores lukisan masa lalu, ketika awan hitam meneteskan gerimis lirih satu-satu berloncatan memenuhi jejak rekam. Dan kolam embun basah bersama kelam bayangan dendam di ujung subuh menggigil menahan anarki.

Maka berdebatlah di tengah galau, ketika keraguan memilih menyulut bara kegagalan menolak kegerahan ajak.

Ponorogo, Juni 2009

Pun Selembar Daun Anginnya Kencang. Puisi karya Madagumilang

Pun Selembar Daun Anginnya Kencang

Oleh Madagumilang

daun selembar melepas genggaman

tangkai itu bertepuk gemerisik

ribut serimbunan saat angin sibuk membujuk

mencintai tanah basah

yang menjanjikan bersatu dengan bumi

tapi kawakawannya ragu,

benarkah hanya sekencang angin

menyuruh mereka menyusul membuktikan

semacam kesetiakawanan

sedang menanti ditangkap kapankapan

Ponorogo, Juni 2009

Di Tudingan Hitam. Puisi karya Madagumilang

Di Tudingan Hitam

 Oleh Madagumilang

 Di tudingan hitam inilah semua mengelak

Tahu tak cukup telunjuk mengorek hitam daki

Tapi kata-kata sudah mewarnai hati menyusun dengki

Menggeleparkan berkali-kali antara ragu dan pasti

 

Menghasut kawan seiring, begitu saling tuduhan itu

Hanya menggambarkan wajah masing-masing

Membawa kenangan buat dirajut

Menjadi benang merah kepedihan masa silam

 

Ketika persaingan ini mencapai dini hari

Masihkah jumpa kesejukan berselimut kehangatan

Mengajak khalayak menjemput sarapan

Anugerah pesta memilih pemimpin harapan

 

Ponorogo, Juni 2009

Melangkah Merebah, Puisi karya Madagumilang

Melangkah Merebah

Oleh : Madagumilang

 Maka mereka bagai mau merubung mayat basah seorang pelacur tenar sepanjang kompleks ini, ketika tenggelam dan tersangkut hamparan sampah sungai. Tetapi ia bukan siapa-siapa. Ternyata ia adalah hidup kita. Yang agaknya selama ini kita jual dengan selalu meminta, menodong, mengejar : apakah bukan kebahagiaan?

 Apakah itu receh yang kaulempar di tapak tangan? Apakah itu tas yang kausabet clurit tergesa-gesa? Apakah itu jerat keputusasaan kencang di leher?

Bohong. Mampu kita berpura-pura, bukan? Serius main sebagai kyai. Sebagai pahlawan. Sebagai dhuafa. Lalu berharap-harap agar diharapkan. Padahal harapan itu pun kaukoreki dari hamparan sampah.

 Tapi tak kaudapat, sedang harapan pun kautawar-tawarkan. Tapi tak kaudapat. Selain debu dan asap knalpot. Semoga dikirimkan bulan sore. Saat-saat denyutku mulai, denyutku usai, dan belajarlah aku. Pada lampu-lampu supaya sigap menyepakati bising. Menghirupi asap karena napasku, karena darahku bergejolak : Diam !

Kita sedang dalam antrian panjang menuju macet yang sangat rahasia selesainya.

Mati

 1978 – 2007 – 2009  

Ya, Lapar. Puisi karya Madagumilang

Ya, Lapar

 Oleh: Madagumilang

Di gelepar inilah terbanting pecah piringku. Ya, lapar, sudah tak bernyali kau menyerakahi kekenyangan. Tapi haus itu malah mendahului kita ke perasaan diadili oleh pahit manis kesepakatan menghirup harapan.

Peliharalah perut, katamu, walau semakin menggendut. Dan dengan puasa pun kutahu, dosalah yang menjauhkan seleraku. Sebab, aku juga takkan mempersulit kepalan jemari memunguti santapan. Maka menjadi lapar begini adalah nina bobo bagi kegelisahan merindu kesabaran. Selebihnya adalah kenyataan, bahwa di gelepar inilah terbanting pecah piringku menunaikan kekalahan.

Tapi, sorak siapa lagi yang mengatasi jerit kemenangan menyapa esaMu?

 Ponorogo, Juli 2009

Seusai Pesta Itu, Puisi karya Madagumilang

Seusai Pesta Itu

 Oleh : Madagumilang

 1.

Seusai pesta ini kaubagikan senyum di antara kerumun yakin dan tak yakin. Menggemakan salam kemenangan dalam selubung kegirangan walau cuma sekulum. Apa artinya itu, pemimpinku?

 2.

Begitu terceraikankah bencana perintah dan keberuntungan amanah, ketika dukacita itu kauhitung satu satu, di mana singgah para anak buah? Maka betapa susah menyatukan kesetiaan dalam kekalahan. Lalu siapa akan bersigap menghormatmu, pemimpinku?

 Ponorogo, Juli 2009

Yang, Puisi karya Madagumilang

Yang

Oleh: Madagumilang

ketika jidat berkerut
dan lagi bom meletup
masih Diakah kausambat sebut?

barangkali burai daging dan cecer darah
mengilhami iblis-iblis dan teroris menciptakan
doa demi doa kita yang selama ini dingin di bibir
kembali berkobar bersikukuh pada harap akan kedamaian

mereka itu pasti sedang bernafsu menjadimayatkan kita
menghapus tatanan lezat kehidupan buat menempatkan
kezaliman sebagai imam

yang,
aku tahu tubuh beku jasad-jasad itu
adalah bukti keji tak bernurani
tapi, ketika jidat berkerut
dan lagi bom meletup
masih Diakah kausambat sebut?

Ponorogo, Juli 2009

Lelayaran Ing Katresnan, Geguritan dening Madagumilang

Lelayaran Ing Katresnan

Geguritan dening Madagumilang

kamangka sliramu
wis ngentirake gegayuhanku
mbaka sithik
tumekaning gisik

lelayaran ing katresnan
nyabrangi reribed sadhengah wayah
wani nglangkahi telenging pepeteng
tanpa maelu sakabehing gubrah

yagene praumu durung miwiti
anggone nglari nakodaning ati
sawise kelakon nggayuh sunare pituduh
madhangi katresnan iki tumekaning subuh

Ponorogo, 2 Syawal 1430 H

Setoreh Puisi di Ulang Tahun Kawan, oleh Madagumilang

Setoreh Puisi di Ulang Tahun Kawan

Oleh Madagumilang

Terjerumus di tepi lingkaran waktu

Kau  pasti takkan pernah merasa

Kesaksian selembar demi selembar uban

Yang diam-diam menjadi sekujur

Menjatuhkan usiamu satu per satu tersungkur

Tapi dalam genggaman fajar hingga larut senja

Doa itu mencakar-cakar langit

Ingin mendekap dan menemukanNya

Bergantian melukai subuh hingga isya

Ponorogo, 2 Oktober 2009

Geguritan Syawal 1430 H, dening Madagumilang

Geguritan Syawal 1430 H

Geguritan dening Madagumilang

Apa bakal kelakon nglukari sarung klumud lan nyopot kopyah klawuku iki

Kanggo ngemuli mlarate pangrasaku sing sansaya wuda

Kegeret lakune Ramadhan tumekaning Syawal

Ora nggagas yen utang-utangku nyatane panggah durung pok

Senajan kepetung dienggo nglakoni pirang-pirang rakaat taraweh lan witir

Apa isih pantes dak ijir bandhaku

Yen mung rupa

Sandhang, pangan, papan

Apa isih kurang

Kaparingan pamulangan lan kasarasan

Gusti Allah Maha Sugih

Yagene owel ngeculake sing kok duweni

Kamangka mung kanthi ngucap rasa syukur makaping-kaping

Kabeh diganti, diparingi

Ponorogo, Oktober 2009

Wiwit Wengi Kuwi, Geguritan dening Madagumilang

Wiwit Wengi Kuwi

Geguritan dening Madagumilang


Wiwit wengi kuwi
Ilange kabeh pepeteng
Kerana wis digegem kenceng
Dening gebyar kang cemlorot saka awakmu
Dak togake mbarengi lintang-lintang alihan
Miyak langit kok kaya langitmu dewe
Bisa meruhi sakehing polah
Sing bakal gawe kisruh
Embuh esuk embuh sore

Dumadakan aku ngrumangsani
Yen mengko
Ora bakal kuwagang
Nangani

Ponorogo, 16 Oktober 2009

Memburu Ragu di Uluwatu, puisi oleh Madagumilang

Memburu Ragu di Uluwatu

Oleh Madagumilang

sekejap di Uluwatu
ketika teman astrologku
meramalku jadi batu

kera kecil meringis
ke mana indukmu
menyeru
pada ranggas pohonan
pada cadas bebatu

kita ternyata cuma sehembus
helaan napas meragu
bertemu

Denpasar, 24 Oktober 2009

Piweling Ing Pinggiring Tlaga Bratan Bedugul, Geguritan Madagumilang

Piweling Ing Pinggiring Tlaga Bratan Bedugul

Geguritan anggitanipun Madagumilang

yen udan deres iki wis bisa gawe kekesing ati nggrantes
apa kowe eling piweling kuwi ya wis suwi dumeling
nyawang lakumu
nyawang lakuku
kecandhet jantraning wektu, nalika dhuhur
sapa sing rumangsa keri kesawur
mantrane sing jaga pakiwan
karo ngracik ewonan
dadi pengarep-arepe dinan
anak lan bojo

ujare: “mangga sholat, sinten imamipun?”
ing pinggiring tlaga Bratan Bedugul
tan kandheg aku saka panyengkuyung
sakehing sembah marang Gusti Maha Agung

Ponorogo, Oktober 2009

Menyelam di Petang Jimbaran, puisi Madagumilang

Menyelam di Petang Jimbaran

Oleh Madagumilang

petang itu di Jimbaran dan pasir lembutmu

bukan duri ikan bakar kausisipkan

melukai kelam

tapi begitu saja kaubiarkan ombak melompat di meja demi meja

mengiringi selera makan itu

tiba-tiba menjadi sepi

menyapa nyala lilin setingkah pengamen menyeruak angin

dan tepukan turis

pelan-pelan

mesti melupakan

tragedi kemarin

Ponorogo, Oktober 2009

GWK, Geguritan anggitanipun Madagumilang

GWK

Dening Madagumilang

wurung nggonku nglangkahi watu marmer iki

senajan ora diuber-uber

wis krenggosan nganti ndheprok ing tlundhakan ngisor dhewe

reca wisnu ngerti

reca garuda cetha

yen tumindakku keblandhang saka derenging ati kepincut

dening wewangunan sarwa watu marmer iki

nanging GWK tansah ngawe-awe

nalika dak tinggal nyekseni angslupe srengenge

reca wisnu ngerti

reca garuda cetha

yen menyang ngendi wae parane

ancase ora seje

Ponorogo, Oktober 2009

Yagene Atiku Kebrongot ing Tanah Lot, Geguritan dening Madagumilang

Yagene Atiku Kebrongot ing Tanah Lot

Anggitanipun Madagumilang

Senajan lakuku kenceng

nanging isih dipentheleng

pecalang kuwi,

nalika mlebu gang dudu dalan menyang punjer sesawangan.

Tanah Lot, sapa sing njalari atiku kebrongot?

Budhalku bareng baliku bareng,

yagene saiki kijenan

kaya babar pisan ora nate kekancan

(Kabeh kang dak gawa

melu-melu mlungker kaya sing manggon guwa-guwa kuwi

nalika hapeku mati kameraku macet,

kamangka dongaku dohna saking bilahi

mung slamet kang tinemu)

Denpasar, Oktober 2009

 

Kangen Iki Kangenmu? Geguritan dening Madagumilang

Kangen Iki Kangenmu?

Anggitanipun Madagumilang

Pangumbaraku kandheg ketlikung sajerone suwung
Judheg, kaya kepidak rupeg ambegan sumpeg
Keslempit kecepit unjalku seret lan mampet
Nalika tansaya ngadoh saka gelagepanku
Nyedhot tumetese luh kerana tatu
Kangen iki
Kangenmu?

Anggere wis wuta marang sadhengah enggok
Kenceng gondhelane krasa abot mbopong kekisruh
Saben sapecak nglangut nggayuh kempute mbunderan
Dalane ati kang kepengin pinter enggal lumayu
Tolah-toleh ora tinemu
Eling-eling iki wis tekan watese pangertenku
Dak ranggeh pucuke mentelung ing pengarep-arep
Kanthi dlumukan nggrayahi ing pepeteng

Ora ta, apa aku kudu owah dadi srengenge dhisik
Yen kepengin bisa nothok lawangmu?
Nalika kabeh kekuncen rapet
Mung kari mereme mripat
Ketemuku
Tumeka ing anglere turu
Nemoni kangen iki
Kangenmu?

Ponorogo, Februari/November 2009

Belalak, Puisi Oleh Madagumilang

Belalak

Oleh : Madagumilang

api, kau masih silaukan belalakku sebelum berkedip,
melelehkan keluhnya itu jatuh menghantam ketandusan tahu
bahwa kematian bisa juga cuma sederetan toleh
yang abai atas erangan ketika kauisakkan
yang henti pada kepongahan
yang tegar membakar nafsu demi nafsu

lalu abu, kau sempat susupkan kelilip itu sebelum berkedip,
makin perih memperpipih hembus paruku
jepitan tindas pada engah napas sesosok tokoh
menolak gigih tebar maksiat

dan asap, kaucelahkan himpit itu sebelum berkedip,
sebelum abu lupakan apinya menebalkan kerut di  jidat
cahaya hidayah membelah benak kebodohanku
yang enak-enak diperbudak kesombongan makhluk
walau takluk, esok tak dikuasai ke seluk-beluk

1992/2007/2009

Meh, Geguritan dening Madagumilang

Meh

Geguritan dening Madagumilang

Pirsanana. Langit meh maringi mendhung lan udan kanggo nelesi awak sakojur nalika ndheprok kaya alang-alang rubuh. Iki sing kelingan malah srengenge, yen swarane kabeh iber-iberan dadi bisu, glagepan mbengoki rasa kuwatir ing atimu sing alon-alon ilang.

Nalika kok tinggal, tanduran ing kebon lan tegalan wis ora kena kanggo ngeyup, nanging wong-wong kok ya nastiti olehe nyatheti, kaya sing ditemplekake ing pager kuwi. Ana tetembungan angel sing kudu diwaca, sing surasane meh kabeh ngenani uripe awake dhewe iki.

Kuwi sing gawe rasa pangrasaku kaya meh kecemplung ing ruwet bingung lan wedi ngubengi labirin. Apa aku kudu milih ngiwa, nengen, apa terus bablas nggoleki ancas sing wis dipapag sakehing pituduh lan kena tak undhuh tumekaning subuh?

O, iki ta jawabanmu. Dadi miyak wewadine donga, dhuh Gusti mugi kula kaparingan margi ingkang leres. Mengko ing saterange udan, awake dhewe bakal kelakon milih salah siji warnane candhik ala kae. Sing mlengkung sampurna karo njejer tharik-tharik abang, jingga, kuning, ijo, biru, nila, lan ungu, kok kaya lagi njlentrehake lelakon iki.

Senajan aku tansah ngelingi ana tetembungan angel sing kudu diucapke, nanging nyatane ora megat pepenginanmu sing dumakan duwe niyat ndremimil mbisiki aku: Nganti tekaning janji, aku tansah nresnani.

Ponorogo, ‘Idul Adha 1430 H

Wewadimu, Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Wewadimu

Geguritan dening Madagumilang

Wewadimu kuwi, pancen wewayangan kang tansah remeng-remeng, lan isih dibesangi sandhi swara kudu diunekne wong sing kepengin banget nyedhaki. Sok-sok malah dijarag pedhut sing nambahi peteng olehku mandeng sadawane dalan menyang lawangmu. Kaya duwe niyat menggak nggonku kepengin nothoki, nanging emoh mlebu utawa bali. Nalika kuwi aku isih krungu ana swara lirih ngeman wong pamitan iki.

Nek ngono apa ketemuku kowe iki sing kok gawe ngluwari wewadi?

Embuhlah, nanging ora merga saka kuwi lakuku dadi kandheg, emoh mlebu utawa bali. Tetep wae njangkah lan mlangkah bareng getihku, sansaya lancar senajan kabeh kudu kerep ngempet. Cetha meruhi wewadimu kuwi, ndadak owah dadi tembok malangi kekarepanku. Terus kepriye? Kamangka lungaku wis kadhung adoh, panyandhangku wis kadhung kembloh.

Nek ngono apa ketemuku kowe iki sing kok gawe ngluwari wewadi?

Ponorogo, 30 November 2009

Kemrungsungku, Geguritan dening Madagumilang

Kemrungsungku

Geguritan dening Madagumilang

Wis ta, aja dipeper nggonku kemrungsung
Ngukur rasa gatel kang gubrah ing sakojur geger
Merga, gorehing ati kuwi rak uler
Landhep wulune njojohi kulit kaya ama angel ditumpes
Yagene ora kok arani katresnan kang malah nggawe laraku?

Aku pancen lena, tansaya ampang nggonku gondhelan
Ing epange kembang nalika tamansari iki kelangan eri
Wong padha ora keconggah negesi kaendahan
Merga kemrungsung meruhi uler kuwi nggremeti ati, dudu melati
Yagene ora kok arani katresnan kang malah nggawe laraku?

Ponorogo, 2005/2009

Tlaga Sarangan, Sawijining Wengi, Geguritan dening Madagumilang

Tlaga Sarangan, Sawijining Wengi

Anggitanipun Madagumilang

Nalika ambegan iki unjale ngalih sesisih
Apa merga dheweke sing budhal mapag mbulan
Kamangka sunare lagi wae dikurung ruji-ruji
Jejer-jejer uwite cemara

Napak tilase lakune srengenge
Dhek mau mencong sithik ngener jurang
Krasa ulap, dhipet banget anggone ngeremke mripat

Ngono kuwi apa kaya lagi ngilo dhedhemitan jerone tlaga
Ngraupi raine wewayangan karo ombake
Kang alon-alon banget senadyan mung trima liwat
Ngranggeh pepeling dumakan mencungul
Saka suwalike pucuk-pucuk kae

Ponorogo, 8 Januari 2010

Nglangkahi Sakehing Polah, Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Nglangkahi Sakehing Polah

Anggitanipun: Madagumilang

Lelakon iki dadi kaya sesawangan nalika wong-wong grudugan budhal ndelok mayite lonthe, kang mau sore dientas saka kali. Jare klelep lan ketemune ing tengah-tengahe resek. Ning rak kuwi dudu aku, dudu awakmu, dudu dheweke, apa maneh pancen satemene dudu sapa-sapa.

Banjur yen cetha kaya ngono, ora wani kok akoni iku uripe awake dhewe iki? Sing wis nate kok dol rasa wirange. Angger duwe pepenginan njaluke kanthi ngemis-ngemis, kala-kala ngrudhapeksa, yen ngadoh sithik rekasa banget olehe nguber-uber. Kuwi ta sing kok arani nggolek kamulyaning urip?

Yen dudu kuwi, apa ana rasa marem nalika dhuwit recehan sing wis kok uncalke nyemplung ana umplung? Apa pas ndhekep tas sing kesusu kok saut peksan? Apa kemblohe kringet ing gulu sing kok kalungi clurit? Apa enteke pengarep-arep kaya jiret sing nggo ngendhat?

Ngapusi. Awake dhewe rak mung pinter ethok-ethok? Sok-sok serius olehe main dadi kyai. Dadi pahlawan barang. Dhong-dhongan dadi dhuafa. Terus ngarep-arep ben bisa didadekake pengarep. Masiya pengarep-arep kuwi ya lagi wae olehe ceker-ceker saka umbrukan resek.

Nanging pikolehe jebul mung urupe lampu-lampu dalan wayah sore. Bledug lan keluke knalpot. Sok-sok didhisiki mbulane bunder, kaya-kaya pener jantung iki anggone miwiti obah. Miwiti sinau nglangkahi sakehing polah. Aja terus kok peper playune getihku. Mandheg!

Awake dhewe iki rak mung saderma katut miline wektu tumuju dalan buntu sing tansah dadi wewadi selawase. Mati.

1978 – 2010

Aja Diparengne Yen Aku Nangis, Geguritanipun Madagumilang

Aja Diparengne Yen Aku Nangis

Anggitanipun: Madagumilang

Aja diparengne aku nangis. Merga kelaran, apa tatu awakku. Merga trenyuh, apa nelangsa nyawang kabungahan. Merga yen ngono, luh kang tumetes mung ateges kanggo nelesi cengkare ati. Nalika durung diwaca donga kebak panyuwun, kang keconggah ngluwari ringkihe urip iki.

Saya suwe saya krasa kuwi kabeh ngisin-isini.

Aku wis janji, kepengin ngrengkuh saben-saben sesenggukanmu kuwi ngrungkebi  dhadhaku. Ya ben keprungu ta obahe jantungku. Terus mengko bisa melu-melu meruhi punjere semangatku nggayuh kautamane bebrayan lan maelu ing kasengsarane liyan. Mula, aja diparengne aku nangis mung kerana nggetuni kabeh reruwet iki.

Saya suwe saya krasa kuwi kabeh ngisin-isini.

Nanging, mbuh pancen wis pesthiku, udan luh kang netes ing lingsir wengi, bakal nyuburake tanduran niyatku sujud ing ngarsane Gusti Ingkang Maha Mirsani.

Ponorogo, Januari 2010

Bromo, 1992 Oleh : Madagumilang

Bromo, 1992

Oleh : Madagumilang

Di bibir kawah Bromo, berdegup kian kencang jantungku menerobos tebal asap belerang. Maunya kelelahan memanjat tangga ini segera bisa melipat lereng cadas itu, hingga ke dasar dan menyelesaikan keraguan tentang apa mencari apa. Di sinikah wadah kehadiran segala resah akan tertumpah?

Membayangkannya sedang menganga dengan raksasa, dan gigi-giginya dikilaukan cahaya jinak mentari pagi, ketika para turis terus menjerit takjub menahan langkahku di langkah akhir. Bromo terus menjulurkan lidah pasirnya menjilati tahi kuda hingga berujung di mobil jip parkir.

Aku pun terendam di laut pasirmu, bukan karena semalam hujan turun membelah bebatu.
Subuh ini kerikilnya menempel dahi sujudku dan bertanya-tanya tangan siapa menyeret-nyeret doa khusuk setengkurap gunung Batok sembari tak tega meraba-raba rumputan rebah.

Mereka menggeleng tak mau mengingat lagi menemukan apa di sepanjang Ngadisari – Sukapura. Kapan membelok atau ketika menanjak tegak, semuanya bergegas menyelesaikan teka-teki yang tergenggam di tangan sopir. Dan memanjat jurang demi jurang kecemasan memintaskan jalan nasib mempertanyakan, akankah bisa diganti ini hari?

1992 – 2007 – 2010

Delengen Geguritan Dening Madagumilang

Delengen

Geguritan Dening Madagumilang


Upama geni, gawe ulap nggonku mandeng sadurunge kedhep. Dadi cuwer, kuwi kabeh rasa ngresula sing netes-netes nibani cengkar ing pangertenku. Yen bab pepati nyatane kok akeh sing kaya-kaya cukup mung ditoleh thok. Ora maelu marang olehe gereng-gereng sesambat, tur kandheg sajeroning ati kang kemlinthi, dumeh bisa ngobong hawa nepsu sak karepe.

La terus awune iki isih anget, malah kok gawe klilipe mripatku. Perihe tekan dhadhaku kejepit kekarepan adreng, nanging kok tolak, kok inggati masiya ora ngenal maksiyat blas.

Nanging pinuju beluke ngebaki ambeganku, isih ana cepitan sing hawane seger. Kuwi sadurunge awune nglalekake genine ngobong sakehing cublukku, kok gelem digawe babu dening rasa ngresula. Yagene ora duwe panggraita ing dina sesuk?


Ponorogo, 2010

Geguritanmu Ing Ultah Iki, dening Madagumilang

Geguritanmu Ing Ultah Iki

Anggitanipun Madagumilang


Yen saben taun wilangane umur iki nambah siji, yagene isih akeh sing negesi yen satenane kuwi malah disuda siji? Mula nalika wong-wong padha ngeling-eling dina kelairanmu, anane mung tansah bisa gawe seneng. Apa ati iki kudu mengkono?

Merga mbesuk kowe ya bakal nemoni lelakonku. Ngresula nalika nggunting kuwi mung srana gawe ngilangi sumpeg, nugel kenceng thukule uwan. Kaya-kaya landhepe bisa gawe ulap nyawang srengenge wayah sore.

Kowe nate nggresah, kok rasane wis arep wengi. Entenana yen mlebu temenan ing peteng ndhedhet, mengko malah kabeh padha ora ana sing maelu, endi sing ayu, endi sing bagus, sing enom, sing tuwa. Entek-entekane banjur mung padha takon, sapa sing ngrewangi gawe padhange pepeteng kuwi.

Isih kelingan apa ora, nalika sok-sok kowe ijen, sengaja ndhewe merga kepengin bisa sesambungan karo janji-janjimu sing biyen nate kok ucapke, tumrap urip ing dina iki, tumrap dina sesuk sing isih kebak pengarep-arep. Tibane sapa sing teka? Umurmu sing tansaya adoh mlakune mrana.

Ya angger-angger kaya mengkono kuwi aku dadi kepengin ana sandhingmu, uluk salam ana sangarepe lakuku sing mesthi kok arani bodho banget. Ajeg angslup ing telenge donga, dadi nglalekake sakabehane.

Kudune kelingan marang luputmu, marang luputku dhewe, nalika isih kesengsem nguber-uber playune rasa rumangsa bisa unggul kelakon nggayuh langit lan rebutan lintang karo terus-terusan nambahi gedhene hawa nepsu, kebak dening ambisi serakah nduweni panguwasa.

Gayeng tenan yen kuwi bisa dieling-eling ing ultahmu iki, ya.

Ponorogo, 2010.

Prapatan Jeruksing, Ponorogo Dening : Madagumilang

Prapatan Jeruksing, Ponorogo

Dening : Madagumilang

Pancen durung rampung olehe mborehke rasa kekes ana jaketku, nanging wis kebacut lingsir. Wengi kok olehe sembrana ninggalake ketiga nrajang kaosku nganti raket banget ngrangkulake rasa njekut, jejeg atise kaya tugu teles kebes tengah prapatan kuwi.

Puthune lagi wae dientas, kopine durung disruput, angine kok ya wis hewes-hewes ngemohi aku sakanca niyat melekan ngubengake pandome jam nganti tekan esuk mbarengi ketege jantung. Dhuh, Jeruksing kaya padatan kamitenggengen nyawang sepine dalan, nalika sing padha dodolan milih kukut karo nggawa mulih kabeh pengarep-arep, tinimbang kebacut ngantuk.

Mengko dhisik, sadurunge tak tinggal merem, aku kok kelingan esemmu. Kecut. Kaya-kaya weruh olehku kadhemen tanpa kemul ing sapinggiring bangun esuk kuwi. Asem, ki.

Ponorogo, 30 Januari 2010.

Geguritan Kanggo Nambani Kangenku Marang Trinil, Anggitanipun Madagumilang

Geguritan Kanggo Nambani Kangenku Marang Trinil
Rikala 24 Nopember 2007

Anggitanipun: Madagumilang

Trinil,
Mung kerana mbelani kepengin kepethuk awakmu, sawise metu saka Ngawi, aku nganti makaping-kaping ngandhani sopir aja lali ngenggokake bis nuruti tetenger sing dipasang ana baliho nuju menyang panggonanmu, ben ora kebablasen. Kaya-kaya kabeh bisa meruhi awakmu ngawe-awe nganggo tlalene Stegodon. Lan sajak kesusu olehmu menehi ngapura marang tekaku sarombongan kang pancen telat. Ya mung kerana mbelani ben bisa kenal, sokur-sokur nresnani awakmu.

Sawise ana sangarepmu, Trinil
Aku rumangsa wis dudu warok maneh. Aneh, bareng meruhi gedhene gadhing-gadhing Stegodon kuwi, olehe mlengkung karo ngacungake pucuke tekan langit, sajak nganggep remeh banget koloranku. Nganti padha kelalen nggeguyu olehmu wuda, lan temenan, saka diorama kuwi mbok aruh-aruhi kabeh sing mandeng sajeroning pepeteng, rasane kaya  nyingseti kenceng udheng-udhengku, kamitenggengen.

Pithe!” olehku sapa aruh kaya wis tepung suwe mangerteni jenengmu, Pithecanthropus erectus. Lha kok jebule awakmu kaya-kaya mbungkukke geger, nanging dudu pakurmatan kanggo ngurmati tekaku sarombongan, eman, tanpa ngapurancang lengenmu nglembreh entheng banget ing kiwa-tengene awakmu. Kira-kira ana sing nembe wae kok jupuk kanggo  madhani srengen sing lirih, nggremeng ngajak caturan nganggo basa aneh, yen disawang coreke ireng kaya penadhonku ngratani sakojur kulitmu.

”Asmuyoga,” dumadakan jenengku kok ucapke kalem, jlentreh, semanak. Nanging saka dialeke aku ngerti yen kuwi basane pawongan Landa, Eugene Dubois. Wong sing wis nemoake awakmu wiwit taun 1891, senadyan saiki panggonanne adohe mung 175 meter saka aku, yen ngadeg cedhak tugu pepengetan 80 sentimeter dhuwure, karo nyawang petilasan situsmu pener kenceng pas gisike Bengawan Solo sing lagi menggok.

Mangkel merga meh ora percaya marang pendelengku dhewe. Ing kono lagi ana truk-truk antri ngemot wedhi bengawan. Pithe, Pithe, yagene wong-wong kae ora padha melu-melu  nglestarekake situsmu iki, aja-aja isih ana slilit saka sisane untumu sing katut.

Mula Trinil, rungokna
Nalika aku karo sendhen wit juwet, nggagas mendah yen krungu swarane Bubalus Palaeokarabau lagi nyenggut suket, ora ngreken panase srengenge, wong ya sungune wis dicawiske ana museummu. Olehe mlangkah aras-arasen kuwi kaya-kaya wis wiwit jaman kuna-makuna, ora owah babarpisan. Banjur njerum anteng ana blumbangan endut.

Aku ngerti, Trinil
Awakmu mesthi rada gela kaya replika-replika fosil cumplung kuwi ya katon olehe gela. Nanging ngapuranen wae, aku tetap bakal ninggalake awakmu, tanpa salaman lan uluk salam. Wis longgar udheng-udhengku, lan koloranku. Rasane malih dadi warok maneh, sawise ngrasakke olehmu kenceng banget nggondheli, kaya atose fosilmu.

Ponorogo, 2010

Geguritan Saka Gajah Mungkur Rikala 24 Nopember 2007 Dening: Madagumilang

Geguritan Saka Gajah Mungkur
Rikala 24 Nopember 2007

Dening: Madagumilang

Kudune bocah-bocah kuwi liwat ngarepku karo nyangking botol isi banyu waduk Gajah Mungkur kanggo bahan praktikum mengko ana laboratorium sekolah. Ora ana siji wae sing noleh. Senajan ora kena endut, apa gosong sithik kena kulite iwak nila bakar. Ora apa-apa masiya kabeh mau nuduhake yen ora padha ndunung marang awakku sing kijenan ing sore kuwi, ngrasakake pirang-pirang pacoban kang dak alami ing uripku iki.

Pancen yen lagi ijen rasane kaya dikurung ing satengahing keramba kang dicelupake jejer-jejer ing satengahe waduk kae. Ditambah hawane lagi dikeramasi lan digosok-gosok cahyane srengenge. Dhasare ora nggawe topi, rambut krasa abot dijambaki angin midid saka perenge gunung. Gawe kedher uga ing njerone ati, kedhute ngalahake kemampule prau-prau kang lagi dicencang ana pinggiran, nyisihake sakehing pepenginan.

Ing pinggir iki kudune wis bisa diukur sepira akeh populasine. Ben padha lunjak-lunjak seneng ngranggehi woh widoro abang-abang tur cendhek pisan. Senajan sing nyekseni mung gegere gunung-gunung dumeh katon alase wis tipis tandurane. Apa ya padha tegese karo panggung amba salore parkiran bis kae? Ngarep-arep tekane sing nonton.

Kok memper wong mangap, terus ababe mambu gandane penyanyi dangdut sing lagi goyang-goyang ana lambene kuwi, saklebatan katon untune putih. Mula bareng grengsenge diteruske ana umyege diskusi, metu akeh ide-ideku murup kaya lampu-lampu pinggir dalan. Wiwit saka Wonogiri nganti tekan Ponorogo, tansah horeg ing sajerone bis ora bisa nurokake sapa wae, tansah gumregah mapag dina sesuk.

Nanging kocapa rasane wong mulih iki, bareng bali maneh menyang omahe dhewe-dhewe, dadi krasa sepa, sepi, sepah, samun. “Sawangen, Asmuyoga, nglamun merga kangen karo mbulan kang lagi ungak-ungak lerab-lerabe ombak”, swara kuwi wis bisik-bisik wiwit enggok-enggokan sepisanan. Lambene gemeter, ngerti yen ing ngarep mengko bakal isih nempuh maneh dalan munggah-medhun lan menggak-menggok, kaya-kaya nemu prekara kang ora enggal mungkur.

Mula urip iki pancen ora ana sing ajeg ngliwati dalan rata tur kenceng, nanging kudu tansah wani diadhepi.

Ponorogo, 2010

nDhingkluk Geguritan Anggitanipun: Madagumilang

nDhingkluk

Geguritan Anggitanipun: Madagumilang

Yen awakmu mung ndhingkluk ngono kuwi, dudu isin sing mbok singkrihake teka ngarepku. Kaya-kaya sing biyen wis dak apali malih manglingi bareng aku nyawang pasuryanmu saiki. Yagene kok wenehke pipimu marang wengi lan kok araske lambemu marang sepi, nganti tumekaning pajar panggah dudu srengenge sing nyunari pasuryanmu, wis dudu subuh maneh sing madhangi, dadi ora ana tegese mleroki pengarep-arep saka kedheping mripatmu.

Kamangka wis puluhan taun olehku menehi weruh, apa anane ora tak luwihi ora tak suda babar pisan. Kok ya isih bisa gojag-gajeg nglangkahi dina-dina sesuk. Apa merga aku ora wasis ngetung takere dosa-dosaku tinimbang ganjaranku, apa merga saking bodhoku ora enggal mangerteni punjere ngibadah?

Banjur gawe kandheg nggonku takon, nalika awakmu tetep ndhingkluk, ngemohi abote sanggan kang wis puluhan taun olehku menehi weruh. Nanging krasa banget yen awakmu saiki wis bisa ndhelikke sepi, nyisih adoh saka panjelihe swara, kaya-kaya rapet didhekep dening jiwa kang tansah pasrah ana ing astaMu.

nDhingkluk, bareng krungu umurku.

Ponorogo, 2010

Manjing Kasepuhan, Geguritan dening: Madagumilang

Manjing Kasepuhan

Geguritan dening: Madagumilang

Buku iki kanggo pepenget
Nanging ora bakal diterbitke maneh
Merga wis dijahitke ana lembaran-lembarane
Pengalaman
Nyabrangi saka jaman tumekane jaman

Ponorogo, 2010

Lamaranku Geguritan Anggitanipun : Madagumilang

Lamaranku

Geguritan Anggitanipun : Madagumilang

Mung dicagaki hawa nepsu, gegaran kekarepan kang nyendhal-nyendhal jeroné atiku nganti keprucut kabèh gegemané niyat tulus, tundhoné bakal ngundhuh tangis kang nètèsaké eluh getih.

Iki kok kaya mbubuti wulu, senadyan mung ana pengangen-angen, ing sawijining ara-ara kang kebak alang-alang lan kewané galak-galak. Nalika petengé wengi tansaya ndhedhet, sunar kang nyoroti laladan iki asalé saka olèhku ngincer awakmu.

Matèni pakarti kang tansah klemar-klemer aras-arasen olèhé ora énggal kèlingan yèn pasinaon iki mengko bakal nggrujugaké kawruh sawisé kok pecahké kulité.

Banjur aku diumbar nyesep kabèh karemanku kanggo nglejaraké rasa sumpeg kang uleng-ulengan ing batinku, kaya wong mendem ora bisa milih endi bener endi luput, sawisé kok tampa lamaranku.

Ponorogo, 2010

Prawan Sunthi, Geguritan dening Madagumilang

Prawan Sunthi

Dening Madagumilang

Kembang kang nedheng mekar

Ewon tawon

Kepengin ciblon

Tlaga madumu

Ponorogo, 2010

Wis Suwé ing Telengé Pacitan Katresnan Iki Katrem, Geguritan anggitanipun Madagumilang

Wis Suwé ing Telengé Pacitan Katresnan Iki Katrem

Anggitanipun Madagumilang

Aku kepéngin krungu swara ocèhé manuk ménclok wit-witan sapinggiré segara iki. K
èlingan lèhmu kojah. Kok tibané sing sora kuwi mung sumiyuté angin, nyaut pangundangku banjur ngandhani, kaé kabèh wis ngijolaké swiwi dadi reruji kurungan kang ngubengaké jerité kekarepan.

Senadyan lirih kaya panggresah, lan alon olèhé mentala ngiris-iris rasané ati ora lumrah. Katresnanku mbaka sithik kok inggati. Ngadoh saka Telengé Pacitan iki. Nanging kuwi dudu tangis, dudu panjelihé kesusahan urip.

Nalika manuk-manuk kaé rumangsa keblasuk, bareng weruh akèh wit-witan ambruk kena gapuk déning udan kelawan panas. Déning tangan-tangan nggragas dhuwit panas. Nanging ing sawijining epang, isih katon ana thukulan, embuh suk kapan dadi tunggak.

Merga manuk-manuk kaé ora duwé drengki, lara ati, kejaba tansah nggegulang kawruh, lan ngupaya dalan padhang dina sésuk.

Krungu tékat kuwi, kabèh mbengok:”Iki omahku, iki susuhku,” nyatané ora ana sing pangling nyawang apa sing wis tau disandhing. Merga suwé ing Telengé Pacitan katresnan iki katrem. Yagéné saiki kaya mengkono?

Ora gela, manuk-manuk kuwi isih dak ingu ana jeroné atiku. Tinimbang dak culké, nuthuli uler gatel ing polahé sesambungané awak dhéwé iki. Muspra. Apa ya kelakon golèk iwak, apa urang, ana segara? Telengé Pacitan mbisu ora semaur, bareng meruhi katresnan iki wis saya ajur, malah saiki kéntir ombaking segara kidul. Terus suk kapan nemu pelabuhan?

Ponorogo, Maret 2010.

Panyawangmu Bening Amarga Embun Kang Nèmplèk Mripat Kuwi, Geguritan anggitanipun: Madagumilang

Panyawangmu Bening Amarga Embun Kang Nèmplèk Mripat Kuwi

Geguritan anggitanipun: Madagumilang


Byar padhang srengéngé miyaki pedhut wanci subuh iki, aku kok kaya-kaya katut ana njeroné sorot nggilap kang keclap-keclap ngungkal embun ing pucuk-pucuk suket. Méndah yen drijimu gelem ndulit adhemé lan kok osèr-osèrké nelesi tlapukan. Saéngga panyawangmu bening amarga embun kang nèmplèk mripat kuwi.

Saéngga ora klèru uga nalika nuturaké sapa sing dipilara klawan sapa. Apa ya wong cilik wani benthik yèn ora diithik-ithik? Utawa digitik? Duwé lemah saya sithik, yèn nganti direbut kari senyari, yagéné ora dibélani pati?

Mula yèn embun kuwi jebul sing tumètès kèri dhéwé ing mangsa iki, eluh sing kekembeng aja kok tangiské dhisik. Wis cukup banget akèhé kedadéyan kang natoni ati. Ing liya panggonan durung waras ditambani, kok iki wis arep diwiwiti.

Ya wis, tutugaké panyawangmu bening amarga embun kang nèmplèk mripat kuwi. Nganti aku mengko kèlu ing kukus kang karipta déning panasé hawa wanci awan.

Ponorogo, April 2010.

Kekasihku Yang Menautkan Kelam, Puisi oleh Madagumilang

Kekasihku Yang Menautkan Kelam

Puisi oleh Madagumilang

selamat pagi, malamku
selamat menatap matahari hitam
ketika kaupadamkan
dengan keengganan
membisikiku

Ponorogo, 12/13 Mei 2010

Kautautkan Cahaya Itu Kesepian, Puisi oleh Madagumilang

Kautautkan Cahaya Itu Kesepian

Puisi oleh Madagumilang

selamat malam, pagiku
Kausearahkan jalanku
demi meretas belukar ilalang
yang ranggas di jelang siang

Ponorogo, Mei 2010

Teles, Geguritan anggitanipun Madagumilang

Teles

Geguritan dening Madagumilang

dipayungana
wong udan sewengi
ora bakal nggugah le gojag-gajeg esukku
yagene srengenge
nlesep-nlesep jeroning pituturmu
sakecap-sakecap clorot cahyane madhangi ati

Ponorogo, Mei 2010

Keriput Itu, Puisi oleh Madagumilang

Keriput Itu

Puisi oleh Madagumilang

Menerima kenyataan ini, aku seperti terhumbalang. Kemudian ketika bangun, kurasakan secara gradual warna-warna kelabu muncul menyatu kembali membentuk tidak sekedar bayangan, tetapi ujud dia. Setia memelihara harapanku.

Begitulah, ketika pertama kau kusua, sempat keraguanku seakan menyalakan bara api resah menerima kegagalan sapaanmu. Meski tipis di gemetar bibirmu, tapi berkobar membakar duka di dadaku, seolah lupa takkan berakhir. Kasmaran ini.

Ketika suaramu tak berdetik mendetak, di jam-jam sepiku mencairkan  kegelisahan tak terhentikan. Mengalir di sepanjang nadiku, menggejolak darah, dan dalam amarah memanggil-manggil namamu. Ia berseru kencang, bagai bah menyeret-nyeret kerinduanku. Sepanjang waktu, setekun doaku.

Pernahkah kau malam-malam terbangun sepertiku? Menatap kenangan, melahap kekosongan demi kekosongannya. Menjilati liku-liku laku kita, yang begitu singkat meleleh ke sekujur umur. Basah di hari-hari gerah, menengadahkan selalu pinta.

Ketika bulan mengangkangkan cahayanya di kerimbunan pohon, dan ada serangga terisak meneteskan gerimis pelahan, satu-satu mereka berloncatan di kolam embun. Basah bersama kelam bayang-bayang hari kemarin. Sekarang di ujung dedauanan, mereka menahan berahi menjemput fajar. Kaukah itu?

Rindumukah rinduku ini? Jika kau kunci semua pintu hati, kini hanya dalam pejam mataku kau kutemu, hingga tersungkur aku kembali tidur. Sesampainya di batas belantara pemahamanku, kujangkau juga akhirnya ujung harapan. Dengan meraba-raba kegelapan, aku tertepiskan kepastian. Haruskah kusinarkan diriku demi terbang menemuimu? Lalu bangunkan lagi aku, di larut dzikir itu.

Ponorogo, 2010


Seklimah Iki Apa Bakal Endah, Geguritan dening Madagumilang

Seklimah Iki Apa Bakal Endah

Geguritan dening Madagumilang

Sawise kleru panampamu marang kekarepanku
Mbubrahi larikan pepeling
Sing kok tancepke ana katresnan
Dalan tanpa pepalang iki
Sateruse bakal tumuju ngendi?

Ponorogo, 23 Mei 2010

Kasmaranku Sansaya Tuwa, Geguritan anggitanipun Madagumilang

Kasmaranku Sansaya Tuwa

Geguritan anggitanipun Madagumilang

Ana kluwung, kok ya wuyung.
Ana candhik ala, wis ra bisa suwala.
Langit, yagene katresnan iki sansaya lungit?
Ah, umur kang tansah semaur.
Jarene donyane wis lungse.

Ponorogo, Mei 2010

Adalah Mungkin, Puisi oleh Madagumilang

Adalah Mungkin

Puisi Oleh : Madagumilang

Adalah mungkin memberi ketika tak tahu siapa diberi cukup meski tak minta dicukupi. Semua memutuskan harus puas menerima tak bisa tinggal diam.

Hari ini hati boleh diiris-iris oleh mereka yang bengis-bengis. Hati boleh menangis, tapi tak akan pernah mengemis-ngemis.

Kepada mereka yang setuju cuma dihargai tak genap lima lembar puluhan ribu. Kenapa mesti kirimkan seribu seteru. Kepada mereka yang mencoba membela. Kirimkan salam sejahtera.

Ponorogo, 2010

Weweh, Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Weweh

Geguritan dening Madagumilang

Wis weweh
Embuh sapa sing nampani, kok anggep cukup masiya ora njaluk dicukupi
Kabeh-kabeh dadi rumangsa lega ngelingi yen sadurunge iki
Ati kang wengis gawe giris
Ora merga luput olehe njejaluk, dudu lamis olehe ngemis-ngemis
Mung sepira ajine olehe ngregani
Jiwa raga iki

Ponorogo, 2010

Bukan dengan Berzina, Sayang Puisi oleh Madagumilang

Bukan dengan Berzina, Sayang

Puisi oleh Madagumilang

Lalu setelah kaupahami benar, kau malah minta aku membuktikan kesetiaanku. Aku juga tak keberatan seandainya sampai kehabisan, asal jangan kauragukan dengan senantiasa meminta dan meminta kubuktikan kesetiaanku.

Sebab diantara tarikan dan hembusan napas kita,  ada yang harus dijadikan keyakinan. Sehingga kalau kau memanjakan napasmu, kau takkan dapat menyelesaikan interlude itu.

Apa benar interlude itu adalah waktu atau ruang yang disamarkan inderamu? Bertanyalah kepada filsafat, bertanyalah untuk merenggut jawabannya.

Kepadaku kau hanya mendapatkan tabir menerawang. Kalau kaurajin menengok, kesetiaan sering bermain-main di sebaliknya. Seperti menyelimuti rasa malu dia tega mendiamkan segala kecerobohan di masa kanak-kanak.

Kita berdua seperti digendong dalam selendang yang sama, diayun-ayun dalam kenyamanan. Kebodohan. Emosi. Dan naif.

Tiba-tiba kau merengek karena tidak kausua susu minumanmu. Aku pun suka merengek-rengek, tapi biasa kuisap-isap ibujariku, sambil memperlihatkan kepadamu betapa pandai kukunyah rinduku, seperti bayi, seperti kita belum wajib bertanggungjawab atas dosa-dosa kita.

Ponorogo, Juni 2010.

Kelingan Ponorogo, Kelingan Ponorogoku Geguritan anggitanipun Madagumilang

Kelingan Ponorogo Kelingan Ponorogoku

Geguritan dening Madagumilang

Yen kelakon bisa ancik-ancik susun dhuwur dhewe ing kantor kabupaten, jajal karo ndhangak lintang-lintang kae coba cacahen. Kaya-kaya pating krelipe kuwi bisa ditandur ing sela-selaning pasuketan, mengko sawise udan tumeka subuh. Kaya mengkono gegayuhanku, tansah dak unggah udhunke, supaya ora tansah sumelang yen ta nganti tiba ajur nemahi bubrahing sesambungan iki.

Disawang dudu inten, pedhut lagi ngaras njekute embun, nelesi pipi alus kang mung sarwa pasrah dielus. Cingak bareng sliramu saiki wis bisa mbatang cangkrimanku wingi. Karo ngojahake lelucon nakal sangisore reco macan. Iya, aku ngerti, iku bakal mepaki jagade urip bebarengan.

Lan nalika rada sawetara adoh, aja lali bola-bali Ponorogo iku bener jenengku, senajan reyog nggonmu nimbali nganggo swaramu kang njiwiti atiku kedher nedhas tumekaning jiwa. Gek suk kapan aku krungu olehmu mbisiki nalika wengi kaya iki wis manjing dadi sarwa diidini.

Ponorogo, Juni 2010.

Ngupaya Paraga Pangruwating Cintraka, geguritan anggitanipun Madagumilang

Ngupaya Paraga Pangruwating Cintraka


Geguritan dening Madagumilang

Ing pasuketan iki kabeh kuwanen kuwi kaya dipanggang srengenge. Olehe bengak-bengok adus kringet. Ngangsa-angsa mburu tuwuk entuke asil. Utawa kudanan, nganti nyethuthur kadhemen dening kangelane nggegem pepenginan. Padha nggerombol ngrungokke mbuh ngerti mbuh ora, sesorah mung tansah misah ing antarane janji karo bukti. Nalika sing aran menang, kenceng ana kepelan. Diarah sing bakal bisa gawe kalah. Mubal ing satengahing kebrongot, endi gojegan endi bengkerengan, ilang bedane kobong dening panase satru.

Apa ya wis cukup iki, kerana olehe gampang ngowahi berkah nganggo musibah. Suwe ngundang bali playune nasib nganti ambruk sujud ing ngarsane Illahi.

(*Pidato Kampanye Iki Pidato Pungkasan Ing Pemilukada)

Ponorogo, 2010

Bukuku, Guru-guruku Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Bukuku, Guru-guruku

Anggitanipun Madagumilang

Saka rumangsaku ora ana rasa wegah nyandhing bukuku, guruku. Amarga yen pinuju maca, mesthi bakal wewarah anyar sing dak tampa. Wis enggal disinau lan dilakoni, ngendikane saben-saben maringi pituduh. Piwulang iki, nalika dak takokke guru liyane: ya kuwi panggonan ing ngendi pakaryan lan dongamu tumuju, wangsulane.

Yen mengkono, apa iki dudu ateges omahku? Sing latare biyen nate dak gawe playon nganti tekan njero kamar, leren ambruk ndhuwur dipan. Mbok ya disikep dhipet, aku isih bisa nemokake olehmu ndhelik. Kawruh kuwi kanthi grayah-grayah tetep bisa dak gegem, ing pepeteng malah dadi cetha dak ambu segere swara donga.

Mula nalika sok-sok tuwuh kekarepanku bakal luwih becik nglereni olehku maca bukuku, guru-guruku iki, saben-saben kanca-kancaku maido: tanpa dheweke, aku mung bakal nemoni aranmu, kawit biyen.

Ponorogo, 5 Juli 2010

Sang “Surya” Telah Tenggelam, Puisi Oleh Madagumilang

Sang “Surya” Telah Tenggelam

Puisi oleh Madagumilang


Teka-teki kaukah teka-tekiku?
Mencegat langkahmu
Ke seberang RinduMu

Dan juga aku
Tak sekali tahu
Bertemu RinduMu

“Pasar Pon, Setono”, Ponorogo, 14 Juli 2010

Njenggirat, Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Njenggirat


Geguritan dening Madagumilang



Nalika kamardikan ditegesi sapa
Sliramu njebloske aku mrana

Nalika kamardikan ateges dikunjara
Sejarah wis ginaris peksa

Nalika kamardikan tansah apa lan geneya
Maringi kalodhangan nganti ketungka papa

Ponorogo, 16 juli 2010

Nggaringke Gereng-Gereng,Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Nggaringke Gereng-Gereng,

Geguritan Anggitanipun Madagumilang



Kaesthi lagi wingi ketiga nggaringke gereng-gereng ana lambeku dadi cep klakep kaya segara wedhi gawe pepati sakehing kesuburan.

Nanging ilatku malah ngrasakke rasa asin angin pesisir nggeret praumu minggir, kanthi kebak kabungahan kacihna saka jeriting camar mbrebegi ati.

Apa camar, apa ombak kang lerab-lerab, apa saben-saben nggugah tangine srengenge mesthi kok tabuh gamelan karang dening ambyaring gegadhangan?

Banjur arep dikapakke tekane iwak sing kok undang mara kejiret jala rasa cingak kedawa-dawa meruhi kaananmu kang mung manut tanpa daya iki?

O, iya. Segara iki, uga segaramu ta? Senadyan segara wedhi kuwi wegah kok akoni.

Ponorogo, Juli 2010

O, Donga Geguritan Anggitanipun Madagumilang

O, Donga

Geguritan dening Madagumilang

o, donga
muga mung landhep anane nalika dak asah
dak lancipi

dak ungal tumuju langit
ora nyuda mbaka sedela
krasa abote nyangga dosa

nanging wedi geni neraka
kesirep kabeh dadi gampang sumeleh
bareng ngeyup segering dzikir
sangisoring istighfar

Ponorogo, Juli 2010

Aku Takon Makaping-Kaping, Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Aku Takon Makaping-Kaping

Dening Madagumilang

aku takon makaping-kaping
ora gur pasang kuping
aku dzikir
ora gur mikir
aku nyambut
ora gur omong baut
aku nata
ora gur nglumpukke gita-gita
aku nyoba
ora wedi ra bisa

Ponorogo, Juli 2010

Ramadhan, Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Ramadhan

Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Yen mung karob samodraning bebendu, ora dak paelu
Yen mung kebetheng deresing bebaya, wiwit mula aku wus ora nglegewa
Sigrak numpak baita iman pinayungan taqwa
Tumuju gisik kang becik sarandu
Ramadhan, Ya, Ramadhan

Ponorogo, Juli 2010

Pasa Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Pasa

Geguritan dening Madagumilang

Saiba bungah, nanging ya lumrah sauger nampa bebungah. Ati iki ora kena diapusi, amung ngudi sesuci. Dene yen kedlarung temah keduwung, yen kegiwang tumuli kebranang, iku panguwasane lesan kang diemong setan.

Wulan suci, pasa meper sakehing hawa lan anane mung ati kang kemudu-kudu niti saliring dosa, nanging uga dudu dening titah iki.

Ponorogo, Agustus 2010.

Senajan Sak Clirit, Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Senajan Sak Clirit

Geguritan dening Madagumilang

angel kaya nyekel obahing wewayangan
mung sak kobaring dimar
kang nemplek tembok suci kuwi
endi ana?
mengkono yen pitakonan kanthi micara
kamangka iki dudu kanyatan walaka
nalika pandulu mung kesdu narima ing reridu
ati, pinangka ngilo wewujudane dhiri kang kaesthi

Ponorogo, Agustus 2010

Buka, Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Buka

Geguritan dening Madagumilang

senajan mung sak mangkok
aku ra tau alok
wong iki sing gawe simbok
nanging kocapa nalika ngadhepi sak meja
pirang-pirang werna ditata ben pengen disengaja
kok aku rumangsa ora pati krasa beja
merga durung pana
sing dak tedha iki mengko halal apa ora, ya?

Ponorogo, Agustus 2010

Geguritan Saka Sajerone Larahan Mblasah, Geguritan dening Madagumilang

Geguritan Saka Sajerone Larahan Mblasah

Anggitanipun  Madagumilang


Bener kandhamu? Iki mayite wong wadon planyahan kang wus kondhang saurute warung-warung pinggir kali? Kentir nyangsang sajerone larahan mblasah. Kok rumangsaku dudu sing kaya ngono kuwi. Apa? Uripe awak dhewe iki rak wis kebacut kadol. Nyenyuwun, apa ngrampok, apa nguber-uber. Jaremu apa? Kamulyan?

Kamulyan kuwi apa ya duwit cring sik kok uncalke ana tangan ngathung, apa ya kaya nggeret tas sing lagi dicangklong, apa malah jiret kenceng ana gulu? Goroh. Awak dhewe iki bisa apa saliyane ethok-ethok? Ngreraga dadi kyai, dadi pahlawan, dadi dhuafa, ning ajeg duwe pamrih.

Pamrihe tur maneh, ora mandheg ngarep-arep kang kok cekeri saka sajerone larahan mblasah,  nanging ora kena. Kok tawak-tawakke, nanging ora payu. Kejaba bledug lan bulek saka knalpot kang tinemu. Ya muga-muga wae iki kirimane mbulan wayah sore, nalika awak dhewe miwiti greget, utawa ngrampungke greget, lan ing kono dadi pasinaonku. Kuwi, lampu-lampu kuwi, kok banget olehe gumregah mapag reruwet, nyedhoti kebul ana ambeganku, ngobok-obok getih ing ototku iki. Banjur sirep.

Sirep? Waspadakna dhisik, iki ngono lagi antri dawa banget tumuju macet kang ora kenyana-nyana rampunge. Mati. Bener kandhamu?

Ponorogo, Agustus 2010.

Climen Kanggo Mitraku, Geguritan dening Madagumilang

Climen Kanggo Mitraku

Geguritan dening Madagumilang



tan micara
iki wae wus nyiksa
luwung sithik gelem
mesem
tan kawistara
kok tega

nyerat ya?
senadyan ra kersa
micara utawa ngawistara

Ponorogo, 22 Agustus 2010

Sok Khilaf Sok Ora, Geguritan anggitanipun Madagumilang

Sok Khilaf Sok Ora

Geguritan anggitanipun Madagumilang

agek dhek wingi ketiga garing nemplek
ndik lambe kaya gurun pasir mendhem kabeh kesuburan
nanging bareng didilat
ilat asin rasane angin segara embuh
sing mbok gawe nglayarke praumu
dikebaki bangsane begja lan kepenake urip

kok bisa?
jare tengerane ana ndik swara pating jlerit manuk-manuk kemliwer
ning apa ya kudu camar apa walet barang
apa ya kudu kaya ombak sing nabrak-nabrak
apa kudu ngono angger sir nggugah srengenge
ndadak nabuhi watu karang karo gregretan?

lan umpamane kuwi iwak,
arep mbok kapakke
masiya wis kejaring tanpa wani nglawan
apa isih niyat kok gawe ngrasakke kasengsaran?

o, iki pesisir ngendi sih?
gak ndik njero atiku
nek mbok peksa muni iya
panggah wegah aku mbok kongkon

Ponorogo, 23 Agustus 2010

Komitmen, Geguritan anggitanipun Madagumilang

Komitmen

Geguritan dening Madagumilang


wengi iki lampu mati
kaya-kaya wedi banjur gage-gage golek slamet
saka panandang dosa nalika kewiyak durakaning cidra

ati kang sepisanan ketrajang katresnan kuwi
nyigar jagade kamulyan
kang tansah diuja kabegjan
wis ora ngerti maneh baline suk kapan
apa ngelingi dhuk nalika janji

wengi iki lampu mati
nanging sing nampa pepeteng kok malah ati

Ponorogo, 28 Agustus 2010

Depresi, Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Depresi

Geguritan Anggitanipun Madagumilang



Wis kaping pira, apa-apa sing penjenengan benci mara nekani?
Wis ben, masiya saben dina dheweke nglakoni sing diantepi
Yen kuwi pancen dadi nasib lan takdire
Mbok isen-isene bumi langit ora bakal kuwawa murungake
Merga kabeh kuwi isih kalebu titah sawantah
Ora bakal keconggah nyegah Kersane Gusti Allah

Ponorogo, 1 September 2010

Geguritan Panandhang, Anggitanipun Madagumilang

Geguritan Panandhang

Anggitanipun Madagumilang



menapa kelampahan kula kaparingan tetembangan menika
senaosa sanes kula ingkang badhe nyegahaken beksan jejogedan
mboten kanyana-nyana kandheg
kados-kados saderengipun kasinungan swanten ingkang pejah

ing kahanan menika lajeng umpami wonten ambetipun ajal
mangke badhe tansah kemliwer sak inggilipun kubur
rikala duhkita menika mlampah ngulandara
nglangkungi wangkenipun sedaya sasana suka-parisuka

Ponorogo, 3 September 2010

Geguritan Marang Diajeng, Sawijining Interlude, Anggitanipun Madagumilang

Geguritan Marang Diajeng,  Sawijining Interlude
Dening Madagumilang

Menawa sliramu wis ngerti, Diajeng, yagene malah nyuwun aku kudu mbuktekke prasetyaku. Dikaya ngapa, aku ora bakal kabotan, angger sliramu ora sangga-runggi kanthi ora leren-leren nyuwun aku mbuktekke prasetyaku. Ing antarane ambegan dawa, ya kudu ana kapitayan kuwi. Saengga nalikane sliramu ngalem, kaya-kaya ana interlude kang ora bakal bisa dirampungake.

Interlude iku apa bener mengkono, wangsulanku mung wujud geber transparan. Yen sregep mbok sawang, prasetyaku asring dolanan wewayangan ing suwalike kuwi. Ngemuli rasa wirang, deweke tega ngenengake wae polah sing kliru ing nalika awake dewe nalika isih bocah. Digendhong, diemban nganggo jarit sing padha, dilela-lela karo liyer-liyer kepenak. Iku lugu. Naif. Saumpama bayi, ning banjur ujug-ujug Diajeng rewel, merga mikmu entek. Aku ya sok rewel, yen ngelak mung dak sedoti jempolku, karo pamer marang sliramu, sepira kepinteranku ngempet kangen.

Ponorogo, Juni 2010.

Geguritan Mapag Tumapaking 1 Syawal 1431 H, Anggitanipun Madagumilang

Geguritan Mapag Tumapaking 1 Syawal 1431 H

Anggitanipun Madagumilang


Aku ngerti, lebu kandel iki lulure jasadku, pikoleh wutuh saka kana-kana anggonku andon kanepson karo dosa tumeka Ramadhan.  Senajan ketaman dongaku embuh bisa apa ora dadi resik, kaya-kaya wis nukulake pengarep-arep sandhuwuring ati kang tansah sumarah. Nglelipur gorehing ikhtiyar nalika luput nggondeli pamuji ngudi tumapaking Lailatul Qodar.

Aku ngerti, yen jasadku dadi lebu mbesuk apa saiki, sapa sing rumeksa ngibadahku lan amal jariyahku. Ora ndadak ngenteni tumapaking siji Syawal 1431 H.

Ponorogo, 1431 H

Puisi Silaturrahmi, Karya Madagumilang

Silaturrahmi

Oleh Madagumilang



sejenak sempat membuka tangan
aku telah tunaikan inginku menjabatnya
untuk makin kencangkan eratnya meremas
o, salah yang dimaafkan
begitu lelah langkahmu menggoda

Ponorogo, Syawal 1431 H

Geguritan Sungkeman, Anggitanipun Madagumilang

Geguritan Sungkeman

Anggitanipun Madagumilang



wis dak pasrahke atiku marang karepMu
apa bakal kok tembus jiwaku kang ora mbejaji
ing AstaMu, Gusti
kaya glathi gemlethak iki sapa sing nglandhepi
patrap gawe becik utawa ala
ing nalika tansah diasah silaturrahmi?

Ponorogo, Syawal 1431 H

Paseksen Sepisan, Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Paseksen Sepisan

Geguritan Anggitanipun Madagumilang



Wus kacihna saben-saben udan nggrecih iki nyebar rasa nggrantes
Luh kang deres direngkuh sakehing apes
Nandang gubrah telenging lampah dene weruh alon-alon kelangan sejarah
Nalika kanthi merdika kae-kae padha njarah-rayah
Iya, iya bener iku bandhane tanah wutah rah

Ponorogo, 2010

Segalau Hati, Seribut Rasa Takut, Puisi oleh Madagumilang

Segalau Hati, Seribut Rasa Takut

Oleh Madagumilang


mereka mesti tergiur kita
yang cekam-mencekam di bibir dzikir itu, terlena
tak lagi menyeteru mati
tak lagi tahu tersakiti

apakah artinya ini, Kekasih
apakah tiada lagi kata tunda

Ponorogo, 2010

Mokal, Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Mokal

Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Muspra yen mung getem-getem, nanging panggah ora mangerteni katresnan sing thukul siji baka siji saka wijining rasa kepranan marang polatan uga tingkah samubarang kuwi. Angger-angger gawe polah kerana ora keconggah mepetake let. Ana sing singidan malangi dalan.

Yen dipeksa kudu meper kabeh kang sarwa gemeter, banjur sapa sing bakal crita iki dudu kedadeyan mokal?

Ponorogo, 2010.

Sesambatmu, Jeng, Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Sesambatmu, Jeng

Geguritan Anggitanipun Madagumilang


Iki, ngene iki, aku rasane kaya kecubles getih dleweran oyak-oyakan luh temetes, ning kok ora leren kebrukan getir lan pait saka pokalmu.

Kosik aja sesambat kaya mengkono, jeng, isih akeh perih mbaka perih kang nggubrah nasibku, lelakon kang mung kok sawang ora kok alami dewe, ta?

Ponorogo, 2010

Kesadaran Itu Berbagi, Puisi oleh Madagumilang

Kesadaran Itu Berbagi

Puisi oleh Madagumilang


senyum engkau begitu manis di setiap kecemasan itu
telak sasarannya pada doa yang kukumpulkan
mengobati ngilu batinku merindu pelukan tuju
lalu aku menjadi siapamu, kekasih? siapamu?

Ponorogo, 2010.

Ngupaya Tamba Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Ngupaya Tamba

Geguritan Anggitanipun Madagumilang

aja dipilara

nala kang wus manjing yuswa

elinga nalika wutuh

wrengka sajlirit datan rinengkuh

yagene saiki mrina?

kadya memala tan bisa mertamba

 

Ponorogo, 2010

Gemuruh Ruh, Puisi karya Madagumilang

Gemuruh Ruh

Oleh : Madagumilang

suara itu berlarian menyelusuri labirin otak
menjebak soalan menumpuk hingga hati suntuk
aku mendengar suara itu dekat jantung tersesat
menyuruh ruhku bergetar
begitu sadar

Ponorogo, 2010

Parah, Puisi Oleh Madagumilang

Parah

Oleh Madagumilang

Tak tercegah kantukku di ujung malam ini. Melangkah dengan langkah kemarin mengesamping dari sudut terhitam derunya menyatukan: Apa isi kuap itu masih mampu melepaskan pengap dan kepepatan? Tidak, ujung malam ini telah merebahkan para pejalan ke pangkuan duka terlalu nyata dan aku mengikutinya.

Ponorogo, Nopember 2010

Nesu, Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Nesu

Anggitanipun Madagumilang

Wis ta, nangisa yen pancen atimu kepengin nangisi kanyatan iki.
Aja dianggep wong-wong kae bakal maelu.
Saupama kelakon awakmu mecahi kaca lan mbantingi foto-foto kang cemanthel ana tembok.
Mung sepira gedhene kanepson kang bisa kok lumpuhake.
Dudu sak ukurane swara sora ana panjeritmu.

Ponorogo, 17 Nopember 2010.

Paseksen Pasiksan, Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Paseksen Pasiksan

Anggitanipun Madagumilang

Yagene mung nelangsa lawan nguja luh tumiba
Pasiksan iki ora cukup ditangisi nanging kudu dimungsuhi
Kuwi yen wani, wis wingi-wingi

Dadi ora bola-bali dumadi kaya kedadeyan nembe iki

Ponorogo, 2010

Lajeng Sepen, geguritan dening Madagumilang

Lajeng Sepen

Anggitanipun Madagumilang

lajeng sepen,
kamangka mboten kaanggep wontenipun pepeteng,
pejahing damar ingkang katilar salebeting manah,
menapa menika ugi keplasing katresnan?

Ponorogo, 2010

Guru Kula Emut Panjenengan, geguritan anggitanipun Madagumilang

guru,
kula emut panjenengan
awit sanes langit naminipun,
menawi mboten tepang pepeteng lan pepadhang
ananging, menapa panjenengan emut kula
awit sanes langit naminipun,
menawi lintang-lintang ingkang panjenengan paringaken kula menika
mboten kaparengaken kapanjer ing pepeteng
saha manthering srengenge gegebengan iman panggulawenthah kula menika
mboten panjenengan parengaken tansah nuwuhaken pepadhang

Ponorogo, 5 Februari 2011

Di Sangiran, Hujan Itu Menyibakkan Tirai Lapisan Rinduku Puisi Oleh Madagumilang

Di Sangiran, Hujan Itu Menyibakkan Tirai Lapisan Rinduku

Puisi Oleh Madagumilang

Kutahu telah beribu tahun, tapi serasa masih kudengar suir daun selembar melepas genggaman.
Di ruangan museum itu, setangkai demi setangkai seakan bertepuk gemerisik
Tak seribut hujan di luar, atau sekawanan stegodon saat bersama angin sibuk
Begitu mencintai tanah basah yang menjanjikan bersatu dengan bumi

Tapi kawa-kawan Pithecanthropus erectus takkan pernah meragu melangkah, mencari
Cuma sekencang angin, tak menghentikan menyuruh mereka menyusul membuktikan
Dari jaman ke jaman dengan membawa semacam kesetiakawanan
Sedang menanti ditangkap fosilnya kapan-kapan

Ponorogo, 13 Februari 2011

Njiret Geguritan anggitanipun Madagumilang

Njiret

Geguritan anggitanipun Madagumilang

masiya ngopi ngene iki isih panggah ora betah
dirangkul sepi
sansaya ngruket anut kedhere keteg
katresnan kang njiret wiwit repet-repet

Cangkrukan Puisi karya Madagumilang

Cangkrukan
Puisi karya Madagumilang

terjadi juga di kota yang mengerangkeng jiwa-jiwa lesu
rumah-rumah jadi gelap meski tetap menyala lampu-lampu beranda menerangi debu
yang mulai beterbangan menyambut hangus kemarau

walau sepenuhnya, sepenuh kehangatannya
tak mau bersaksi atas dosa demi dosa sepanjang perjalanan menjemput kembali sepi
yang terkubur bersama getar sedu-sedan itu menangisi fajar

tadi sempat dihamparan tikar malah secangkir kopi lama menemani
di itu emper para pejalan merebahkan sangsi dan seluruh kegelisahan
yang kelelahan setelah jauh memburu harapan

Ponorogo, 2011

Panemuku Selawase Iki Geguritan anggitanipun Madagumilang

Panemuku Selawase Iki
Geguritan anggitanipun Madagumilang

kesampar kesandhung senadyan aku dudu bal
ning babarpisan ora nasib sing disalahke
kejaba polahe dhewe
kejaba pokale dhewe
nalika eling yen melik iku asring nggendhong lali
nalika lali yen bungah iku bakal nemu susah
o, urip kang aji
tansah diudi aja nganti nguciwani pati

Ponorogo, 2011

Pakurmatan Iki, Yayi geguritan anggitanipun Saras Nala

Pakurmatan Iki, Yayi

Geguritan Dening Saras Nala


Saupama keconggah,dak papanke dhadhaku kanggo ngumbar tangismu.
Melu ngrasa sajeroning wening, meper kangen kang tansah kroncalan dak simpen ana telenging ati, yagene sliramu isih durung ngerti,  yayi?
Ana swara nakal sajeroning nyenyet, rikuh mbisiki olehku ngruket, yagene lathiku kok geget?

Ponorogo, Nopember 2010

Rina Iki Dadi Kaya Ratri Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Rina Iki Dadi Kaya Ratri

Geguritan anggitanipun Madagumilang

Amarga gemandul satengahing teleng mendhung kuwi, ing rasa pangrasa rina iki dadi kaya ratri. Apa isih kangen kang njalari, wong meh sadengah pengarep-arep dumakan  lumebu sajerone pepeteng. Nganti datan kuwawa ndulu sumringahe kalbu, jiwane kang goreh mung bisa adreng anggone kekejer mosik ing badan sarandu. Lali, senadyan suryane isih wanci tengange, yagene nora digape kok kaya uripe sepele?

Embuh yen sajeroning pepeteng kuwi isih bisa disawang anane kaendahan esem lan gegojegan. Pepelinge pating krelip sumunar tundhone madhangi kedadeyan kang tansah dadi ati. Mosok bakal ilang ulape mung gara-gara prastawa nasib ketutup mendhung.

Ponorogo, 2011.

Cahaya Bulan Mengangkang di Dedaun Pohonan, Puisi Oleh Madagumilang

Cahaya Bulan Mengangkang di Dedaun Pohonan

Puisi oleh Madagumilang

Sungguh elus jemarimu itu seakan tak segannya bulan, ketika ia mengangkangkan cahayanya membahagiakan semua buram sehabis hujan. Di urai rambutku pun sigap menyusup-nyusup bagai menjelajah kerimbunan pohon. Lalu kaulihat kilaunya saat tersenyum, bagai gemerlap memancar-mancar bergoyang di dedaunan basah. Apa ada yang mengusik sepasang serangga jadi diam, dan tak ingat lagi sejak isak terakhir menggigil?

Kalau sekarang satu-satu mereka berloncatan di kolam embun, membenamkan harapan tak berguna menjadi bayang-bayang hari kemarin, begitu semu. Kenapa mereka gelisah menahan berahi sambil menjemput fajar di balik kabut? Tapi, bukan kau dan aku kan itu?

Dingin di luar, biarkan aku masuk. Sebab, jika kau kunci semua pintu hati, nanti juga hanya dalam pejaman mataku kau kutemu. Hingga tersungkur aku kembali tidur, tak juga sampai batas belantara pemahamanku. Tidak lagi tahu bisa kujangkau tidak akhirnya ujung harapan. Rasanya masih terus meraba-raba mimpi di kegelapan, aku tertepiskan oleh kepastian nyata, bahwa haruskah kusinarkan dahulu diriku demi terbang menemuimu. Lalu ada juga yang membangunkan lagi aku, di larut dzikir itu.

O, cahaya bulan mengangkang di dedaun pohonan

Terdengar Ingsut Kepergian Bermakna Gegas, Puisi oleh Madagumilang

Terdengar Ingsut Kepergian Bermakna Gegas

Puisi oleh Madagumilang

Maka kutekuni ikhtiar hatiku meloloskan lelahku menjaga denyut di aorta yang menjepit pelipis tabiatku. Otaknya selalu bertanya tentang doa justru sehabis tasyahud. Apakah malam-malamnya sanggup menjemput gugupku, dan siapa akan mencatat sholat lailku?

Berulang-ulang jawabannya terlelap dalam alir amanah, mendamaikan perang nafsu antara hati dan otakku itu. Mungkin tak juga terdengar ingsut kepergian bermakna gegas, mencari jauh segemetar bibir lirih membisikkan dzikir.

Biar Kegelisahan Itu Tenang Menyepi, Puisi oleh Madagumilang

Misalkan aku tahu segala, maka yang terjadi esok hari aku janji jujur tak akan rahasiakan darimu. Kepolosanku ini sempat jadikan kau sukai aku, tapi kejujuran kali ini membuatmu lama sekali tertegun. Kaku tubuhmu mendengar aku mengaku. Apa aku salah?

Padahal di itu ketika, tak hanya kita, semua pasangan bisa saja melupakan kekasih mereka. Sepakat mengikuti kekuatan cinta, menyelam ke manapun dasar terdalam hati nurani. Dijelajahinya segala kekalutan hutan karang dan dirompak tetaring hiu ganas kemarahan dan kecemburuan. Adakalanya harus diakui di sisa kegagalan pun masih kautemukan idaman, walau mesti mencari-cari di antara cerai-berai  hamparan ganggang dan lumutan kehidupan nasib terhumbalang.

Siapa sanggup dibayangkan seperti nelayan. Pencari kebahagiaan yang berani berterus-terang menjaring ikan-ikan kesepian dan membawa penatnya meringkuk ketiduran dalam tongkang-tongkang kegelisahan mereka yang oleng. Saat terbangun kaulihat di kedua-mata semua serba nanar. Mereka tidak mendengar ada yang berteriak memperingatkan burung-burung camar kebebasan agar menyingkir dari kerancuan antara kebenaran dan kekaburan. Lalu kapan badai kebosanan mengamuk dibagian lain bersama debur gelombang gejolak darah dari nadi-nadi tak kenal henti.

Semoga aku mampu mendengar deru itu dalam otakku dan otakmu. Tetapi tidak terlempar kekhawatiran, karena telah disiapkan tempat paling aman untuk menghindar, agar mereka dapat sekedar memancing ketenangan dekat jantung. Setidaknya kerinduan akan ikan-ikan itu masih terus menguasai dan tersalurkan di sini. Itu pun karena tiba-tiba tanganmu menyentakkan tanganku.

Jadi dengan tangan mana lagi dapat kutekan gejolak di dadaku? Aku harus mencari lagi sisi damai dari jiwaku, biar kegelisahan itu tenang menyepi jauh di gunung-gunung sekitar hatiku.

Langitku, Geguritan anggitanipun Madagumilang

Langitku

Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Dak sapa mbulan kae, jebul mbun-mbunanku dewe. Natas petenging wengi, sansaya gumlewang manut jantraning nasib. Dadi keprungu swara-swara kuwi, kewetu saka umobe getihku, lan jantung kaya diremeti ing getem-getem kang endah. Greget katresnan kang culika marang kahanan. Banjur njiret lali ora mung jenengku lan jenengmu, kabeh kok peres apuh  nganti ora bisa nemu sanadyan sak tetes tumurune ayatMu.

(Dhuh Gusti, kula menika dadi dhuafa kok banget olehe dhoif, merga mung bisa nulis alif)

Dak sapa srengenge kae, jebul mripatku dhewe. Nyawang wong-wong sumuk olehe sregep ngakeh-akehi nggresah nganti garing. Napase kaya bisa ngrubuhke amuke rasa ulap nalika nguber-uber playune dosa ing buku-buku suci. Ngono arep mbok ladeni sakehing hawa nepsu lan pepenginan, senadyan iku tumanduk kadereng saka ati kepengin ngerti.

(Dhuh Gusti, kula menika dadi dhuafa kok banget olehe dhoif, merga mung bisa maca alif)

Dak sapa lintang-lintang kae, jebul kaya pikiranku sing mung bisa kelip-kelip ora tandhing mungsuh mbulan lan srengenge. Cubluk bebasan kelangan sakehing umuk. Disingkirke ing sadhengah patemon, ora ana sing ulem wong ya ora ana sing nyapa. Ning iki harak langitku senadyan disengguh tanpa sap, isih duwe cemlorote bangun esuk, kluwung lan candhik ala kang ora keconggah gawe memala amung raharja kang disengaja.

(Dhuh Gusti, kula menika dadi dhuafa kok banget olehe dhoif, merga mung bisa donga amin)

Ponorogo, 2010

Sak Uwat, Geguritan dening Madagumilang

Sak Uwat

Geguritan dening Madagumilang

Disawang kaya pedhut ndheprok ngruket njembrunge suket. Njaba isih remeng-remeng nanging kadereng ati kang adreng, meksa gawe gemeter wit-witan nggone meruhi lesus nampes sakehing sesambat kerana abot mbopong sesanggem senajan wis ngomplong.

Ponorogo, 2011

Tega, Puisi oleh Madagumilang

Tega

Puisi Oleh Madagumilang

kok engkau masih bisa istirah sambil baca berita susah
apakah musibah hanya sederet harfiah yang membuat mata lelah
tawa pun jadi amat purba dan senyum makin langka
jadi begini komedi yang kau sutradarai

Segiat Malaikat Pencatatkah Aku Berkutat? Puisi oleh Madagumilang

Segiat Malaikat Pencatatkah Aku Berkutat?

Puisi oleh Madagumilang

mesti segiat malaikat pencatatkah aku berkutat?
barangkali boleh saja terlalu berani membandingkan begini
agar semangat senantiasa liar mengembarakan maknanya
menyimak lagak ketika kauciptakan banyak lelucon tak lucu
sambil menasihati bagi yang terlanjur terpingkal
karena masih akan ada harapan sesudah jeda menemani rencana demi rencana belaka

lalu kudengar gumammu, kau ini dalam kesesatan atau bukan,
bertanyalah pada setiap kehadiran kelam
demi menyempatkan melacak cahaya sepanjang jalanan becek
terinjak-injak kaki pencari denyar kunang-kunang,
karena tak tahu siapa lagi sanggup menyalakan terang di sebarang malam

padahal bulan di atas langit kelam segera membinarkan cahayanya
mampu menyeteru dan memadamkan ini nafsu, tanpa peduli langit itu milik kita semua
dan gunung-gunung yang mencoba menggapainya, cuma bisa terkapar dalam kekalahan
tanpa daya seakan yang lagi mekar di kesuburan tak lagi ingat pedihnya layu
atau berakhirnya dendam atas udara kering kemarau

itulah bila dari hujan selalu ada yang diajarkan padaku
ketika tiba-tiba lampu rumah dipadamkan pemilik aliran listrik
o, sebegini gelapkah jalan hidup itu?
ketika dikhilafkan dengan alpa memohon kepada Maha Pemilik Cahaya

Ponorogo, April 2011

Sihing Sesingidan Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Sihing Sesingidan

Geguritan dening Madagumilang

mekaten menawi mirengaken swanten sagunging samirana langkung

kados rumaos nyumerapi sinten ingkang adreng nyiram sukuning rahina

sinareng jawah ingkang wor suh gregeting manah lajeng dumugi tumetesing embun

senaosa sedaya sampun sami sumarah mboten kumawantun malih angawe-awe

sinten ingkang gegancangan sesingidan lebeting lingsem

kerana sami rinengkuh ing endahing katresnan

Ponorogo, 2011

Alif, Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Alif

 Geguritan dening Madagumilang

 menapa rumaos kelajeng menawi panjenengan kepareng anampi

saupami menika taneman ingkang saget gesang ing jantung

saengga keteg mbaka ketegipun kados-kados ndhawahaken woh

berkah kesuburan karob dening rah

ingkang mboten kedah kadhahar sinambi kojah

utawa sinambi mlampah samargi-margi amargi kemutan amanah

saking Maha Punjering Pitedah

 Ponorogo, 2011

Pincuk Godhong Gedhang Ujug-ujug Ceblok Sandhing Tembok Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Pincuk Godhong Gedhang Ujug-ujug Ceblok Sandhing Tembok

 Geguritan Anggitanipun Madagumilang

 Pincuk godhong gedhang kok ujug-ujug ceblok ana sandhing tembok sisihe turonku. Yen kaget dudu merga weruh landhep lincipe biting nyongot kaya kepincut ngincim guluku. Lambeku mung bisa ndredheg magep-magep ditekak, gak kuwat sesambat sajak kesrakat. Mula gak bakal migunani pitakon ing bab sapa sing wis rampung sarapan wanci ngene iki, mung bisa mbadhe kaya pokale lelembut nanging dudu sebaene. Ngerti banget aku gemang diajak cangkriman lan ora maelu sakehing reridu. Doh-dohna sing adoh, aja ndulit aja ngganggu, mengkono upama dak tiru rapalane simbahku.

Ponorogo, 2011

Ana Ngendi Gemandhule Pengarep-arep, Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Ana Ngendi Gemandhule Pengarep-arep

 Geguritan Anggitanipun Madagumilang

 Wangi temen ambune nalika mekrok seger mbarengi mendhung isih digandhuli udan. Kowe kuwi apa sawenehing kembang apa sumringahing kautaman ing sajeroning ati kang lagi nampa pepeteng ta. Nanging aja kok tangiske dadi gerimis kerep ya masiya jiwaku rasane kaya wis kena pirang-pirang ketiga. Mung bisa sabar ngenteni sing tlaten nyebar winih kabungahan lan mbutuhake banget kabagyan.

 Ponorogo, 2011

Refleksi Prapatan Jeruksing Ponorogo, Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Refleksi Prapatan Jeruksing, Ponorogo

Geguritan Dening : Madagumilang

Pancen durung rampung kabeh olehe mboreh rasa kekes nembus jaket, nanging kaya-kaya wis lingsir sakabehing lelakon ing sajeroning setaun iki. Dadi krasa yen wengi malih sembrana nyalahke mangsa nrajang kulitku nganti raket banget ngrangkul rasa njekut, ninggal patrap kang ngadeg jejeg kaya tugu atise teles kebes ing tengah prapatan kuwi. Terus yen kepengin ngrefleksi apa sing arep direfleksi?

Ndeleng bakul puthune lagi wae dientas, mengko digawe nyandhing kopine kang durung disruput, dadi kaya urip kang gur mampir ngombe. Nanging angin wis hewes-hewes ngemohi sing duwe niyat melekan ngubengake pandom jam nganti tekan subuh mbarengi ketege jantung.

Dhuh, Prapatan Jeruksing kaya padatan kamitenggengen nyawang sepine, nalika sing padha dodolan milih kukut karo nggawa mulih kabeh pengarep-arep dina sesuk, tinimbang kebacut ngantuk. Terus yen kepengin ngrefleksi apa sing arep direfleksi?

Ponorogo, 30 Januari 2010.

Uripe Sapa Kaya Dolanan Ceki Geguritan dening Madagumilang

Uripe Sapa Kaya Dolanan Ceki

Anggitanipun Madagumilang

nora ngemungake ngrumangsani menawa urip iki disengguh asor kaya dolanan ceki

kepenak olehe ngesut kelakone pakarti sing menang lan pakarti sing kalah gilir gumanti

macak kuwawa sajak enthos tenan nguthut metune kabegjan ing sawanci-wanci

 iki ya nora  ngemungake ngrumangsani jare bakale bedor dengkek dadi ratu kenci

kamangka pengarep-arep bener kuwi penere menawa pati wus dadi ancas kang sejati

 Ponorogo, 7 Juni 2011

Dimensi-dimensi Itu Puisi oleh Madagumilang

Dimensi-dimensi Itu

Oleh Madagumilang

memangnya tak jenuh menguasai ruh yang dikurung ruang

kaku dijepit waktu menjadi saksi dimensi demi dimensi

walau tak melulu masa lalu

Ponorogo, 2011

Katalompen, geguritan dening Madagumilang

Katalompen

Anggitanipun Madagumilang

Ingkang katalompen, inggih kesupen, bilih
Sapepadhaning titah nora pinisah kerana katelah
Mbaka siji endi sing aji
Hamung kasrana dening brana mbejaji
Dudu cemlorote sunar bebudi
Iki aku tinemu
Ora dipaelu
Kaya ketiban bebendu
Sandhuwuring asmaku
Kekadhangan kang sinawang
Dening liyan nora nyuda pepalang

2010

Geguritan Marang Kekadhangan, dening Madagumilang

Geguritan Marang Kekadhangan

Anggitanipun Madagumilang

Rada sauntara anggonku thethenger, datan bisa ngglawat.
Apa kang dadi daruna?
Yen aku nora tata,
wis sepira gedhene olehku gawe cilaka?
Yen aku nora bisa tinampa merga kaanggep seje,
parandene kok ya meksa isih ana sing nggape?
O, urip kang kasinungan luput,
banjur suk kapan iri drengki kuwi gelis karacut?

2010

Nganyelke Ati, geguritan anggitanipun Madagumilang

Nganyelke Ati

geguritan dening Madagumilang

Yagene wong wis weruh kahanan dibubrahi
Jarene ora keguh apa maneh cawe-cawe tanpa diopahi
Mula dadi ngewuhke yen panggah lumah-lumah ora obah kaya kuwi
Nanging guneman isih nrocos blas gak diampet-ampeti
O, pakarti kang amung menungsa bisa nglakoni
O, endi sing kudu dipepetri endi sing diemohi

Ponorogo, 2011

LELAKON URIP Geguritan anggitanipun Madagumilang

Lelakon Urip

Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Lelakon urip iki bisa dadi kaya sesawangan nalika wong-wong grudugan budhal ndelok mayite lonthe, kang mau sore dientas saka kali. Jare klelep lan ketemune ing tengah-tengahe resek. Ning rak kuwi dudu aku, dudu awakmu, dudu dheweke, apa maneh pancen satemene dudu sapa-sapa.

Banjur yen wis cetha kaya ngono, yagene ora wani kok akoni iku lelakon uripe awake dhewe iki? Sing wis nate kok dol rasa wirange. Angger duwe pepenginan njaluke kanthi ngemis-ngemis, kala-kala ngrudhapeksa, yen ngadoh sithik rekasa banget olehe nguber-uber. Kuwi ta sing kok arani nggolek kamulyaning urip?

Yen dudu kuwi, apa ana rasa marem nalika dhuwit recehan sing wis kok uncalke nyemplung ana umplung? Apa pas ndhekep tas sing kesusu kok saut peksan? Apa kemblohe kringet ing gulu sing kok kalungi clurit? Apa enteke pengarep-arep kaya jiret sing sir kanggo ngendhat?

Ngapusi! Awake dhewe rak mung pinter ethok-ethok? Sok-sok serius olehe main dadi kyai. Dadi pahlawan barang. Dhong-dhongan dadi dhuafa. Terus ngarep-arep ben bisa didadekake pengarep. Masiya pengarep-arep kuwi ya lagi wae olehe ceker-ceker saka umbrukan resek.

Nanging pikolehe jebul mung urube lampu-lampu dalan wayah maghrib. Bledug lan keluke knalpot. Sok-sok didhisiki mbulane bunder, kaya-kaya pener jantung iki anggone miwiti obah. Miwiti sinau nglangkahi sakehing polah. Aja terus kok peper playune getihku. Mandheg!

Awake dhewe iki rak lagi ngantri katut miline wektu tumuju dalan buntu sing tansah dadi wewadi selawase. Mati.

Ponorogo, 19 Ramadhan 1432H

Sawal 1432 H, geguritan anggitanipun Madagumilang

Sawal 1432 H

Geguritan anggitanipun Madagumilang

ngrasakke dingapura
ngrasakke menehi ngapura
nyawang esem guyune
disawang esem guyuku
ah, ora kena ana swara ala keprungu
ah, ora kena ana rasa sujana diingu

Ponorogo, 6 September 2011

Nyebar Konang geguritan dening Madagumilang

Nyebar Konang

Geguritan anggitanipun Madagumilang

dipadhangana wong sewengi peteng ndhedhet pindhane ati kang ruwet
ora bakal nyethakke le gojag-gajeg nggegrayang liding pangandikan
parandene ora kesawang kang nlesep-nlesep jeroning pitutur iku
senadyan sakecap mbaka sakecap cemlorot cahyane nyunari jiwa

Ponorogo, 2011

Tumlawung geguritan anggitanipun Madagumilang

Tumlawung
Geguritan anggitanipun Madagumilang
nglacak lumakune tumindak kok ndadak cingak
meruhi dalan iki enggoke wus mbebayani
mula den ngati-ati anggone kesusu ketemu
gegayuhan kang ancase genah
Ponorogo, 2011

Ora Biyen Ora Saiki, geguritan anggitanipun Madagumilang

Ora Biyen Ora Saiki

Geguritan anggitanipun Madagumilang

Aku ngerti yen mrana-mrene kerana padha kepengin entuk gawe

Aku ngerti yen mlebu-metu kerana padha kepengin entuk sangu

Aku ngerti yen wira-wiri padha kepengin tetep wareg

Dak sekseni sing lagi kuncara kaya ngambah plengkunge kluwung

Disawang endah senadyan enggal ilang disaput srengenge angslup

Nanging wis duwe tetenger ora mung diangen-angen tumekaning janji

 

Sing aku ora ngerti yagene sejarah ora mesthi diregani

Apa kerana mung wajib diwaca sakehing riwayat semana

Apa kerana mung wajib ngerti dimen lestari mbejajine prasasti-prasasti

Apa kerana mung wajib nyemak rumpile gempil-gempil ing epitaph

 

Ora biyen ora saiki, sing jenenge menungsa kuwi nggembol lali

Ponorogo, 2 Desember 2011

 

 

 

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.