Geguritan Marang Diajeng, Sawijining Interlude
Dening Madagumilang
Menawa sliramu wis ngerti, Diajeng, yagene malah nyuwun aku kudu mbuktekke prasetyaku. Dikaya ngapa, aku ora bakal kabotan, angger sliramu ora sangga-runggi kanthi ora leren-leren nyuwun aku mbuktekke prasetyaku. Ing antarane ambegan dawa, ya kudu ana kapitayan kuwi. Saengga nalikane sliramu ngalem, kaya-kaya ana interlude kang ora bakal bisa dirampungake.
Interlude iku apa bener mengkono, wangsulanku mung wujud geber transparan. Yen sregep mbok sawang, prasetyaku asring dolanan wewayangan ing suwalike kuwi. Ngemuli rasa wirang, deweke tega ngenengake wae polah sing kliru ing nalika awake dewe nalika isih bocah. Digendhong, diemban nganggo jarit sing padha, dilela-lela karo liyer-liyer kepenak. Iku lugu. Naif. Saumpama bayi, ning banjur ujug-ujug Diajeng rewel, merga mikmu entek. Aku ya sok rewel, yen ngelak mung dak sedoti jempolku, karo pamer marang sliramu, sepira kepinteranku ngempet kangen.
Ponorogo, Juni 2010.
Filed under: catatanku, geguritan, geguritan basa jawa, geguritan bocah, geguritan boso jowo, geguritan catatanku, geguritan cekak, geguritan cendhak, geguritan cendhek, geguritan jawa, geguritan jowo, geguritan katresnan, geguritan piweling, geguritan renungan, geguritan sastra, geguritan ulang taun, geguritan ultah, piweling, ponorogo, puisi, renungan, sajak, sastra, SATRA Ditandai: | catatanku, curhat, geguritan, geguritan cekak, geguritan guru, geguritan katresnan, geguritan sastra, geguritan ulang taun, geguritan ultah, puisi, renungan, sajak, sastra, SATRA

Atur taklim Kangmas…
Wah jan Guritan njenengan niki ngantos mlebet jroning manah kulo
mbok kulo niki nyuwun paripih lan wewarah supadoso saged tumut nguri2 kabudayan jawi ingkang ageng.
Matur sembah nuwun
Yitno Gunungkidul
Nyumanggaaken, nuwun.
panjenengan menika Ponorogo ne pundi??
mboten nate mireng asma panjenengan punapa kula ingkang “kuper”
saestu, geguritan panjenengan sae sanget.
kula ngriki kemawon kok
matur sewu sembah nuwun