Nggugah
geguritan anggitanipun Madagumilang
wonten ing salebeting swasana bubrah
kerana kathah tumindak cengkah
ingkang katindakaken para panguwaos ingkang mboten amanah,
kedahipun inggih enggal saged owah
garising nasib rakyat ingkang sampun rumaos mboten betah,
mboten sranta anggenipun kepengin nemahi gesang limrah,
inggih gesang ingkang para panguwaosipun sami gumregah
nyengkuyung pikajengipun rakyat ingkang atansah mothah nyekapi betah
Ponorogo, Januari 2012
Filed under: geguritan, geguritan basa jawa, geguritan boso jowo, geguritan jawa, geguritan jowo, geguritan piweling, geguritan renungan, geguritan sastra, ponorogo, puisi, reyog, sajak, sajak renungan, sastra, SATRA Ditandai: | curhat, geguritan, geguritan cekak, geguritan sastra, ponorogo, puisi, puisi catatanku, reyog, sajak, sastra, SATRA