Ngangseg
Geguritan dening Madagumilang
tletik udan mau bengi wani menehi wisik
kang ndelik bisik-bisik selaning pasuketan pating krelip kaya lintang
nanging nalika sorot srengenge cemlorot madhangi ubale nepsu
tumekane bakal ngruntuhake embun kang sumimpen jero
senadyan rasa adhem iki isih agemanmu kang tak anti-anti
tumekaning sreg anggone ngangseg
ngrangkul ngruket ora-ora yen aku mingket
Ponorogo, Januari 2012
Filed under: catatanku, geguritan, geguritan basa jawa, geguritan boso jowo, geguritan cekak, geguritan cendhak, geguritan cendhek, geguritan jawa, geguritan jowo, geguritan katresnan, ponorogo, puisi, renungan, reyog, sajak, sastra, SATRA Ditandai: | catatanku, geguritan, geguritan cekak, geguritan katresnan, geguritan sastra, ponorogo, puisi, reyog, sajak, sastra, SATRA