Dumadine Pitakonan Geguritane Madagumilang

Dumadine Pitakonan

 Geguritane Madagumilang

 Yen dumadine dudu daden-daden. Wektune ya dudu dumadakan. Apa dumadine, dipun du?

Yen pitakonan kaya ngene teruse kok punggel
Dikaya ngapa aja mbundel
Aja diguyu kekel lan apamaneh digawe pegel mangkel
Wong gagasane wis kendel

Ponorogo, 26/08/2012

 

Pitakonku Marang Wewarah geguritanipun Madagumilang

Pitakonku Marang Wewarah

 Geguritanipun Madagumilang

 yagene isih gemang nyenyandhang ati wening

kepara kekejer nggone meper nepsu keblinger

kang ngglandhang wani tumekaning pati

 suk kapan bebarengan

anteng mapan sumarah sandhuwuring sajadah?

 Ponorogo, 2012

Makarya geguritan anggitanipun Madagumilang

Makarya

Geguritanipun Madagumilang

yagene mung sedhakep ngekep dhadha
jare yen ora ubet ora bakal isa ngliwet
kejaba sliramu nembe tegel ngguwak kalodhangan saengga ora kumanan
rejeki kang tumiba ing saurute dalan penguripan
ora tangeh tansah dadi rebutan
mula bener, yen ora obah sengara bisa mamah
senadyan kekarepane ati golek gampange
kaya mung pengin wira-wiri wareg lan bola-bali bathi

Ponorogo, Juli 2012