Pitakon Jujur Kaya Satemene Wewayangan, Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Pitakon Jujur Kaya Satemene Wewayangan

Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Wegah meruhi cinathet ala dening malaekat
Mara enggal mingkema
Ati kang tansah goreh misuh-misuh lirih
Senajan nyuwara jujur kaya satemene wewayangan
Kriyip-kriyip sulap kena landhepe cahya lantip
Aweh pepadhang marang sadhengah roh
Ngakoni bodho mangerteni sarwa ghaib

Nanging apa ing pepeteng kuwi
Kaendahan diparingake minangka pacoban
Tumrap kekarepanku mbebudi
Misahake bener lan luput?

Ponorogo, 16 April 2009

11 Tanggapan

  1. om, mbok aku warai carane gawe geguritan…

    • ngleksanani pamundhut kaya awakmu ngene iki ora gampang
      apa sababe?
      aku yakin, sliramu wis mesthi bisa
      mung wae durung rumangsa bisa
      iki apik tumrape wong kang mempeng sinau nggayuh kaluhuran

  2. wewayangan tan bisa ana,
    tanpa cahya
    tanpa raga…

  3. ya nalika kuwi
    ragaku luput, cahyaku roh
    rohku luput, cahyaku raga
    terus ana ngendi dunungKu?

  4. pripun pak, supados kulo saged geguritan kados makaten?

    • Pak Sunarno,
      mangga to kita niati sesarengan kemawon
      mugi-mugi sedayanipun saged barokah, amin

  5. ana wayange
    mesti ana dalange
    nayagane
    sindene
    lan sing nonton
    yen gak onok iki wayange leyeh-leyeh nang kothak

    • walah, tujune kothake kothak dhuwit
      trus dadine leyeh-leyeh paling ayem, om-blog
      suwun

  6. umpama kaendahan diparingake minangka pacoban
    mendah banget asihing Gusti marang aku
    mlaku gegondelan tangan kambi awakmu
    sulistyaning werna satuhu
    ===========
    madagumilang percaya
    mung wewayangan sing tansah prasaja

  7. geguritan niku nopo artine?????

Tinggalkan Balasan ke om-blog Batalkan balasan