Geguritan Saka Gajah Mungkur Rikala 24 Nopember 2007 Dening: Madagumilang

Geguritan Saka Gajah Mungkur
Rikala 24 Nopember 2007

Dening: Madagumilang

Kudune bocah-bocah kuwi liwat ngarepku karo nyangking botol isi banyu waduk Gajah Mungkur kanggo bahan praktikum mengko ana laboratorium sekolah. Ora ana siji wae sing noleh. Senajan ora kena endut, apa gosong sithik kena kulite iwak nila bakar. Ora apa-apa masiya kabeh mau nuduhake yen ora padha ndunung marang awakku sing kijenan ing sore kuwi, ngrasakake pirang-pirang pacoban kang dak alami ing uripku iki.

Pancen yen lagi ijen rasane kaya dikurung ing satengahing keramba kang dicelupake jejer-jejer ing satengahe waduk kae. Ditambah hawane lagi dikeramasi lan digosok-gosok cahyane srengenge. Dhasare ora nggawe topi, rambut krasa abot dijambaki angin midid saka perenge gunung. Gawe kedher uga ing njerone ati, kedhute ngalahake kemampule prau-prau kang lagi dicencang ana pinggiran, nyisihake sakehing pepenginan.

Ing pinggir iki kudune wis bisa diukur sepira akeh populasine. Ben padha lunjak-lunjak seneng ngranggehi woh widoro abang-abang tur cendhek pisan. Senajan sing nyekseni mung gegere gunung-gunung dumeh katon alase wis tipis tandurane. Apa ya padha tegese karo panggung amba salore parkiran bis kae? Ngarep-arep tekane sing nonton.

Kok memper wong mangap, terus ababe mambu gandane penyanyi dangdut sing lagi goyang-goyang ana lambene kuwi, saklebatan katon untune putih. Mula bareng grengsenge diteruske ana umyege diskusi, metu akeh ide-ideku murup kaya lampu-lampu pinggir dalan. Wiwit saka Wonogiri nganti tekan Ponorogo, tansah horeg ing sajerone bis ora bisa nurokake sapa wae, tansah gumregah mapag dina sesuk.

Nanging kocapa rasane wong mulih iki, bareng bali maneh menyang omahe dhewe-dhewe, dadi krasa sepa, sepi, sepah, samun. “Sawangen, Asmuyoga, nglamun merga kangen karo mbulan kang lagi ungak-ungak lerab-lerabe ombak”, swara kuwi wis bisik-bisik wiwit enggok-enggokan sepisanan. Lambene gemeter, ngerti yen ing ngarep mengko bakal isih nempuh maneh dalan munggah-medhun lan menggak-menggok, kaya-kaya nemu prekara kang ora enggal mungkur.

Mula urip iki pancen ora ana sing ajeg ngliwati dalan rata tur kenceng, nanging kudu tansah wani diadhepi.

Ponorogo, 2010

2 Tanggapan

  1. mbak, aku seneng geguritanmu…matur sembah nuwun yo, aku tak moco-moco!

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: