ING ENTEKING SASI GEGURITAN DENING MADAGUMILANG

ING ENTEKING SASI
Geguritanipun Madagumilang

ucul kaos mambu kringet ing wengi sumuk nalika udan nelesi tanggal anyar kang dak suwek kemleyang nibani pangkoning sujud lan wis ora ana maneh rasa iki mlarat apa kasugihan nlesihke kaanan uripku

tur maneh apa ya pantes aku tansah nggegadhang cinukupan donya yen kang nelesi awakku sak kojur ateges klumpuking dosa kang tan kendhat dak suwunake pangapura

Ponorogo, 2013