Dudu Sesorah Anggitanipun Madagumilang

Dudu Sesorah

 Geguritanipun Madagumilang

Makaping-kaping dadi pepeling dumelinge sesambat adhuh kuwi

Tumetesing rasa trenyuh kang kaya mletik saka pinggiring akik

Sesotyaning ngibadah diembani iman endahing dedonga wanci wengi

Cabar kapenggak dening lungiting laku sabar

Anggone meper mothahing nepsu lan pepenginan nurut lakuning jaman

Ana patrap umuk mbaka umuk durung keconggah nelukake wujude sujud

Pasrah tanpa sesorah menawa urip mung mampir ngombe

Nanging ya kudu pener milih apa kang kudu diombe

 

Ponorogo, 2012