Kagem Guruku, Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Kagem Guruku

Anggitanipun Madagumilang

Aku kelingan panjenengan
Amarga dudu geni arane
Yen ubale ora ngobori lakuku
Miyak pepetenging kaweruh
Cubluk ngelakoni kang sarwa ora gathuk
Tumrap pitutur, nalika kudu digugu
Tumrap piwulang, nalika kudu ditiru

Wengi kuwi ketemuku
Ana satengahing sujud
Nanging, apa panjenengan
Ya tansah ngelingi aku
Amarga dudu geni arane
Yen ubale ora diparengake
Ngobori lakuku

Ponorogo, 30 April 2009

34 Tanggapan

  1. suwun,panjenengan nulungi aku gawe geguritan..

  2. tolong ajarin basa jawa dong kuloni pun jenengane bekti kulo sekolah di MAN Gombong iki email ku Bekti6@yahoo.com aja keliru yo tolong kasih contoh geguritan tentang bakti sama ortu

  3. matursuwun ngih

  4. aku pengend belajar buwat geguritan…..

  5. Matur nuwun Sanget-sanget njeeeh 😀

  6. matur suwun geguritane

  7. Makasih ya, sangat membantuu saya bangett 🙂
    Semoga kedepannya sukses teruss 🙂 amien,

  8. maturr suwuuun njeeh !!!

  9. Nadyan nembe iki
    Sepisanan pinanggih lan reki
    Koyo wis gambuh ing ngati
    Kawigaten reki mring budaya jawi
    Kang sanyata luhung sayekti
    Nyurasa mring geguritan reki
    Mbuka wiwarah sesanti
    Dulur reki saka tlatah bekasi
    Darbe pamuji
    Mugi gusti kang paring idi
    Tansah paring pituduh utami
    Lestari ngemong marang jiwo reki
    MUGI-MUGI

Tinggalkan komentar