ING TENGAHE RAMADHAN, GEGURITANIPUN MADAGUMILANG

ING TENGAHE RAMADHAN
geguritanipun Madagumilang

isih kuwat ngempet syahwat
isih saguh adoh lawuh
isih gelem kirang tilem
isih traweh ora waleh
isih tadarus durung putus
isih tansah suka ngenteni buka

ya isih kaningaya ngoyak riyaya

Ponorogo, 16 Ramadhan 1434H

Satu Tanggapan

  1. Pripun kabaripun? dangu mboten berselancar teng dunia blog…

Tinggalkan komentar