ING TENGAHE RAMADHAN, GEGURITANIPUN MADAGUMILANG

ING TENGAHE RAMADHAN
geguritanipun Madagumilang

isih kuwat ngempet syahwat
isih saguh adoh lawuh
isih gelem kirang tilem
isih traweh ora waleh
isih tadarus durung putus
isih tansah suka ngenteni buka

ya isih kaningaya ngoyak riyaya

Ponorogo, 16 Ramadhan 1434H

Mokal, Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Mokal

Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Muspra yen mung getem-getem, nanging panggah ora mangerteni katresnan sing thukul siji baka siji saka wijining rasa kepranan marang polatan uga tingkah samubarang kuwi. Angger-angger gawe polah kerana ora keconggah mepetake let. Ana sing singidan malangi dalan.

Yen dipeksa kudu meper kabeh kang sarwa gemeter, banjur sapa sing bakal crita iki dudu kedadeyan mokal?

Ponorogo, 2010.

Paseksen Sepisan, Geguritan Anggitanipun Madagumilang

Paseksen Sepisan

Geguritan Anggitanipun Madagumilang



Wus kacihna saben-saben udan nggrecih iki nyebar rasa nggrantes
Luh kang deres direngkuh sakehing apes
Nandang gubrah telenging lampah dene weruh alon-alon kelangan sejarah
Nalika kanthi merdika kae-kae padha njarah-rayah
Iya, iya bener iku bandhane tanah wutah rah

Ponorogo, 2010