Lelakon Urip
Geguritan Anggitanipun Madagumilang
Lelakon urip iki bisa dadi kaya sesawangan nalika wong-wong grudugan budhal ndelok mayite lonthe, kang mau sore dientas saka kali. Jare klelep lan ketemune ing tengah-tengahe resek. Ning rak kuwi dudu aku, dudu awakmu, dudu dheweke, apa maneh pancen satemene dudu sapa-sapa.
Banjur yen wis cetha kaya ngono, yagene ora wani kok akoni iku lelakon uripe awake dhewe iki? Sing wis nate kok dol rasa wirange. Angger duwe pepenginan njaluke kanthi ngemis-ngemis, kala-kala ngrudhapeksa, yen ngadoh sithik rekasa banget olehe nguber-uber. Kuwi ta sing kok arani nggolek kamulyaning urip?
Yen dudu kuwi, apa ana rasa marem nalika dhuwit recehan sing wis kok uncalke nyemplung ana umplung? Apa pas ndhekep tas sing kesusu kok saut peksan? Apa kemblohe kringet ing gulu sing kok kalungi clurit? Apa enteke pengarep-arep kaya jiret sing sir kanggo ngendhat?
Ngapusi! Awake dhewe rak mung pinter ethok-ethok? Sok-sok serius olehe main dadi kyai. Dadi pahlawan barang. Dhong-dhongan dadi dhuafa. Terus ngarep-arep ben bisa didadekake pengarep. Masiya pengarep-arep kuwi ya lagi wae olehe ceker-ceker saka umbrukan resek.
Nanging pikolehe jebul mung urube lampu-lampu dalan wayah maghrib. Bledug lan keluke knalpot. Sok-sok didhisiki mbulane bunder, kaya-kaya pener jantung iki anggone miwiti obah. Miwiti sinau nglangkahi sakehing polah. Aja terus kok peper playune getihku. Mandheg!
Awake dhewe iki rak lagi ngantri katut miline wektu tumuju dalan buntu sing tansah dadi wewadi selawase. Mati.
Ponorogo, 19 Ramadhan 1432H
Filed under: geguritan, geguritan basa jawa, geguritan boso jowo, geguritan jawa, geguritan jowo, geguritan piweling, geguritan renungan, geguritan sastra, kawruh Jawa, pembelajaran geguritan, piweling, ponorogo, renungan, reyog, sastra, SATRA | Tagged: catatanku, geguritan, Geguritan Ramadhan, geguritan sastra, ponorogo, puisi renungan, reyog, sastra, SATRA | Leave a comment »