ING TENGAHE RAMADHAN, GEGURITANIPUN MADAGUMILANG

ING TENGAHE RAMADHAN
geguritanipun Madagumilang

isih kuwat ngempet syahwat
isih saguh adoh lawuh
isih gelem kirang tilem
isih traweh ora waleh
isih tadarus durung putus
isih tansah suka ngenteni buka

ya isih kaningaya ngoyak riyaya

Ponorogo, 16 Ramadhan 1434H

ESEM MUNG SAK KLECEM geguritan Anggitanipun Madagumilang

ESEM MUNG SAKLECEM

~ geguritanipun MADAGUMILANG

ing antarane pilar-pilar iku,
ana saperangane atiku kedudut tatu,
mung kerana kena grayang panyawangmu,
ah, esem kang mung saklecem,
kaya-kaya wus kuwawa muwuhi dayaku tansah nyangga jejege pilar-pilarMu

Ponorogo, 22 Mei 2013